Pages

Senin, 30 Juni 2014

Sinopsis Serat Riyanta

Serat Riyanta

Wonten Serat Riyanta punika kacariyos menawi ing nagari Surakarta wonten priyantun luhur, asmanipun pangeran Notosewojo. Pangeran punika gadhah putra naminipun raden mas Riyanta. Wiwit raden mas Riyanta umur enem taun, dheweke ditinggal seda kaliyan ramanipun. Lajeng namung dirawat kaliyan ibunipun. Dados, raden mas Riyanta sanget dipun tresnani dening ibunipun. Menawi sampun umur pitung taun, raden mas Riyanta di pindah wonten ing Semarang. Wonten Semarang punika raden mas Riyanta ndherek pamanipun, asmanipun raden mas Tondowidjojo. Wonten mriku, raden mas Riyanta kadidik dados jejaka ingkang bagus polah tingkahipun. Ibunipun remen sanget menawi gadhah anak tunggal ingkang bagus rupanipun kaliyan polahipun, dados ibunipun nuruti sakkabehanipun katurutane raden mas Riyanta. Ngantos umur kalih dasa, raden mas Riyanta dereng gadhah estri ingkang ditresnani. Mula, ibunipun tansah was-was. Banjur ibunipun ngengken raden mas Riyanta kangge golek tiyang estri kangge didadosaken bojonipun. Nanging raden mas Riyanta dereng purun, banjur ngulur-ulur waktu kaliyan ngendika menawi dereng wonten tiyang estri ingkang ditresnani. Raden mas Riyanta tasih kepengin golek pengalaman kangge kauripan punika.
Kala semanten, nuju ing wanci serap surya raden mas kaliyan raden mas durjat, inggih mitranipun katemuan. Raden mas Durjat ngajak raden mas Rijanto kangge tindak dateng ngalun-alun ningali kumidi Hradu. Wonten mriku malah kebakaran wong-wong pada playon kangge nylametaken awake dhewe-dhewe. Nalika badhe kandur, raden mas ditabrak kaliyan lare estri ingkang umuripun kinten kawan welas taun. Lare punika nangis sarwi sasarubat ngupadosi tiyang sepuhipun menawi katalingsut.amargi melas, raden mas Riyanta banjur ngeteraken wangsul. Nalika badhe diteraken wangsul bocah wau malah ngilang, amargi sampun ketemu kaliyan tiyang sepuhipun. Nanging raden mas Riyanta dereng ngertos namanipun bacah wau. Raden mas Riyanta tresna kaliyan estri punika. Saking kumidi, raden mas Riyanta banjur wangsul dateng dalemipun. Wonten dalem, ibunipun malah badhe njodhoaken raden mas Riyanta. Amargi boten purun bab jejodhohan punika, raden mas Riyanta banjur tindak menyang Boyolali. Menawi sampun radi adhem, raden mas Riyanta banjur wangsul wonten dalemipun.

Akhiripun, raden mas Riyanta ketemu kaliyan tiyang estri ingkang wonten ing kumidi. Inggih punika raden ajeng Srini. Raden ajeng Srini punika putrinipun kyai Pamrayoga, ingkang uwakipun raden mas Riyanta. Raden mas Riyanta remen sanget kaliyan raden ajeng Srini, nanging raden mas Riyanta boten wani ngomong. Lajeng, raden ajeng Srini badhe di jodhoaken kaliyan jaler saking Rembang. Amargi kuciwo kaliyan bab punika, raden mas Riyanta lajeng ndamel lukisan gambaripun raden ajeng Srini. Ibunipun raden mas Riyanta banjur tindak dateng wonten ing dalemipun kyai Pramayoga, menawi badhe tanglet bab perjodhohan punika. Nanging ulem-ulem punika boten leres. Lajeng ibunipun raden mas Riyanta banjur nembung raden ajeng srini kangge didadosaken menantu. Raden mas Riyanta kaliyan raden ajeng Srini mantenan.

Cerkak basa Jawa

Mie Ongklok

Idul Fitri Lita sakaluarga kumpul kabeh, sedurunge lebaran Idul Fitri kirang seminggu wektu puasa. Lita paling seneng nang nggon simbahe amarga suasana nang desa Ngabean, masarakate kang raket, sopan lan padha tetulung marang wong liya. Apa maneh wektu puasa Lita seneng banget biyantu simbah gawe panganan lan jajan kanggo lebaran. Lita lan sedulur liyane nyelukake simbahe yaiku simbok.
“Kula ngrewangi nggih mbok?” kandha Lita. Simbah mangsuli “Yo, kene nduk alon-alon wae!”.
Lita seneng banget bisa ngrewangi simbahe lan bisa ajar masak amarga nang omah Lita ora tahu masak amarga sekolah mulihe sore. Banjur Lita arep ngedikan marang simbahe menawa Lita arep ajar masak kanggo ngemben nek uwis nikah pinter masak.
“Mbok, kula nyuwun diajari masak kanggo ngemben nek kula sampun nikah pinter masak”, kandha Lita.
“ Heem nduk, tak ajari ben bisa masak!” Simbah mangsuli.
Lita diajari masak kaliyan simbahe kanthi bisa, nalika wektu malem takbiran nang ngabean rame banget akeh bocah cilik padha nyumet kembang api lan mercon ing plataran omahe dhewe-dhewe. Lajeng para bapak, ibu, lan remaja padha zakat fitrah ing masjid lan takbiran ngumandang ing saben desa. Lita lan kanca-kancane padha dolan lungo Alun-Alun Wonosobo, ngombe kopi lan jagongan bareng nganti tekan jam 12 banjur Lita mulih ngo omah.
“Takbirane isih berkesan lan suasanane rame banget karo nonton kembang api yo?” kandha marang kancane.
Kancane mangsuli “He’e apik banget, ayo bali ngesuk isuk ziarah ing makam, esuke banjur adus lungo masjid sholat id bareng-bareng!”.
“Iyo, ngesuk bareng!” Lita nambahi.
Esuke Lita lan sakaluargane lungo sarean kanggo ziarah ing makame mbah kakung,mbah buyut lan saliyane kanggo dongani, lajeng sawise saka ziarah Lita adus kanggo  sholat id nang masjid nanging banyu ing kamar mandi mati Lita kandha maring simbahe.
“Mbok, niki kepripun ajeng adus toyanipun pejah?” takon Lita.
“Nduk, adus nang kamar mandi wetan wae sing banyune urip”, Simbah mangsuli.
“Nggih mbok”, kandha Lita.
Sawise Lita sholat id banjur padha salam-salaman marang kaluargane lan  masarakat desa Ngabean, diwenehi pangan lan jajan ing saben omah. Lebaran Idul Fitri iki kanggo Lita seneng banget amarga kaluargane kabeh bisa kumpul sing saka Jakarta, Jepara lan Boyolali. Seminggu Idul Fitri ana panganan kang durung pernah Lita pangan yaiku Mie Ongklok,  mie kang gawene diongklok, diwenehi sayur kuban lan kecai ana kuah kentel digawe saka pati lan ketambahan sate ayam utawa sapi lan uga bisa dipangan karo tempe kemul khas Wonosobo. Ana bakul liwat ing ngarep omah banjur Lita tuku.
“Kang tumbas Mie Ongklok!” kandha Lita.
Bakule mangsuli “Nggih mbak sekedap.”
Ora ngenteni suwi Mie Ongklok wis mateng lan Lita mangan bareng-bareng karo sakaluarga.
“Rasane aneh yo, nanging suwi-suwi enak!” kandha Lita.
Sedulure Lita nyauri “Pancen enak, kowe durung pernah mangan.”
“He’e agi pisan iki mangane!” Lita nambahi.

Nalika kuwi Lita kepingin maneh mangan Mie Ongklok, saben lungo marang simbahe uga seneng mangan Mie Ongklok saka Wonosobo. 

Cerkak Jawa

Nyolong Buah

Ing sawijining dina, ana Adi, Yanto, Arif, Anto lan Ahmad. Bocah lima kuwi mau lunga menyang sekolah bareng sawise tekan sekolah ora ana gurune. Wektu istirahat padha ngumpul ana ing kantin lan ngrembug bab kanthi serius, jebule yanto duweni ide ingkang cerdik lan ngandakake karo kanca-kancane mau.
            “Ana apa iki rame-rame padha ngumpul ning kantin?” kandha Arif.
Banjur Yanto mangsuli “Kene! Arep ngrembug ide kanggo muleh sekolah kudu melu kabeh.”
Arif takon maneh “Arep padha ngapa muleh sekolah?”
Adi nyauri “Mengko bar muleh sekolah arep njipuk buah semangka nggone Pak Sabar nang kulon kebon.”
“Ya, aku melu nanging aja lali bageyanku!” Arif mangsuli.
“Tenang wae kabeh kebageyan rata”, Ahmad nambahi.
Sawise ngrembug babagan kanggo muleh sekolah bocah lima mau nyiapake apa sing kanggo njipuk semangka nang kebon.
            “Aku wis gawa peso!” kandha Anto.
Yanto nambahi “Bagus ta, mengko Anto karo Adi bageyan ngiris oyote saka buah, Aku karo Ahmad luru semangka kang wis mateng, Arif sing jaga nang ngarep kebon wis padha ngerti kabeh tugase?”.
“Ya ngerti!” Adi, Arif, Anto lan Ahmad mangsuli.
Rikala lonceng sekolah muni “Teng… Teng….”.
Bocah lima mau wis siap lunga kebon. Padha mlaku alon-alon, ing dalan Yanto ketemu karo ibune sing nembe muleh saka pasar.
“To, kowe arep ngo ndi aja dolan tekan sore”, kandha ibune Yanto.
Yanto mangsuli “ Nggih, mangke kula wangsul.” “Padahal, sawise njipuk semangka arep dolan adus nang kali karo kanca-kanca”, batine Yanto.
Nembe setengah perjalanan, ana salah sijine ngerti isih ana wong nang kebon yaiku Adi.
“Kanca-kanca mandhek sediluk, kae ngerti isih ana wong nang kebon!” kandha Adi. “He’e, piye iki dhewe ndelik ning ndi?” takon Anto.
Arif mangsuli “Kene nang mburi wit pelem,ayo!”.
Banjur padha ndelik nang mburi wit pelem, panase wis katon mencorong lan bocah lima kuwi ngrasa ngelih kabeh.
“Krucuk….”. “Suara apa kuwi?” takon Ahmad.
“Suarane wetengku ngelih”, Yanto wangsuli karo ngguyu.
Arif nambahi “Bocah ngelihan, sing sabar to!”.
            Kanca-kanca liyane padha melu ngguyu cekikikan. Ngenteni setengah jam nang mburi wit pelem banjur Adi ngerti nang kebon wis ora ana wong lan wis padha siap njipuk semangka nang kebon.
            “Ayo ngo kebon!” ajak Yanto.
Banjur Yanto lan Ahmad milihi semangka sing wis mateng lan Adi karo Anto ngiris oyote buah semangka. Arif bageyan jaga nang ngarep kebon, wektu wis sore lan Pak Sabar arep niliki kebon. Nalika bocah lima kuwi mau sibuk karo bageyane dhewe-dhewe, pak Sabar mlaku menyang kebon  lan Arif ngerti saka kadohan.
 “Kanca-kanca mandhek kae ana pak Sabar teka arep ngo kebon!” kandha Arif.
Adi lan Anto mangsuli “Ana apa rif, meneng kene agi sibuk engko ana wong kowe jaga wae.”
Adi lan Anto ora percaya karo omongane Arif, banjur Arif ngandani karo Yanto lan Ahmad nanging Arif malah disengeni karo Yanto.
“Rif, ngopo kowe ngo mene kon jaga kebon malah nusul?” takon Yanto.
“To, Mad kae ana pak Sabar mlaku arep ngo kebon ayo cepet  mulih”, kandha Arif.
 “Ora percaya ngapusi kowe!” Ahmad nambahi.
            Kanca-kancane Arif ora percaya, nanging Adi dadi penasaran karo omongane Arif lan niliki. Sawise niliki, Adi percaya karo Arif banjur ngandani karo kanca-kanca liyane. Liyane kabeh padha melu percaya karo Arif lan padha lunga saka kebon karo gawa semangka.
 “Kanca-kanca ayo padha mlayu ana pak Sabar!” ajak Yanto.
“Bener to omonganku ora ngapusi”, kandha Arif.
Ahmad nambahi, “Yo bener Rif omonganmu.”
Nalika bocah lima mau padha mlayu Pak Sabar ngerti lan kandha “Bocah-bocah aja mlayu, awas nek nyolong maneh!”.
Yanto, Adi, Arif, Ahmad lan Anto padha mlayu banter lan lungo kali arep adus karo mangan semangka saka kebon. Tekan kali bocah-bocah mau langsung adus banjur padha mangan semangka, Anto kandha
“ Seger yo, bar adus mangan semangka!”.
Yanto mangsuli “Enak tenan to!”
Arif nambahi “Ndi bageyanku sing paling akeh amarga aku sing jaga kebon lan ngerti ana pak Sabar?”
“Iki wis akeh rif, apa isih kurang kana njipuk maneh nek wani”, guyon Ahmad.
Liya dina, wektu awan Arif lungo omahe Ahmad arep ngajak njipuk nangka utawa gori nang sawah.
            “Assalamualaikum”, kandha Arif
Ahmad mangsuli “Waalaikumsalam, monggo!”.
“Nggih, Ahmad!” kandha Arif.
“Ana apa Rif?” takon Ahmad.
 Arif kandha “Kowe gelem ora mangan nangka nang sawah?”.
 “Aku gelem, ayo saiki!” Ahmad mangsuli.
Ahmad nambahi “ Kanca-kanca dijaki ora?”.
“Wiwit mau aku ngo omahe Yanto bocahe ora ana ngeterake ibune ngo pasar, Adi bocahe agi lara panas nang omah, ngo omahe Anto bocahe ora ana mboh nang ndi mulane aku ngo omahmu arep ngejak mangan nangka”, Arif mangsuli.
 “Yo wis, ayo ngo sawah!” ajak Ahmad.
 Arif lan Ahmad banjur mlaku ngo sawah luru wit nangka sing wis mateng. Tekan sawah Ahmad lan Arif nemu nangka sing wis mateng, nanging Arif ora bisa menek ngo dhuwur.
            “Mad, kowe sing menek ngo dhuwur yo?” akon Arif.
“Ngopo kowe ora bisa menek?” kandha Ahmad.
“He’e mad ora bisa, tak enteni nang ngisor!” Arif mangsuli.
Ahmad menek ngo dhuwur lan bisa tekan nggone nangka sing wis mateng, nanging Arif agi ngelamun.
“Rif, iki nangkane tampani awas yo!” kandha Ahmad.
Nangkane ngenani sirahe Arif lan ana suarane.
“Breeek….”. “Rif, suara apa kuwi kowe ora apa-apa to?” takon Ahmad.
Batine Ahmad “Dene Arif ora nyauri apa nangkane ngenani Arif.”
Jebule tenan nangka sing ditibakake Ahmad saka dhuwur ngenani Arif lan Ahmad kaget ngerti ngisor.
“Rif…rif tangi aja semaput nang kene, piye iki?” kandha Ahmad.
Sawise Arif tangi nanging sirahe mrepul ketiban nangka,
“Aku kenapa mad?” takon Arif.
Ahmad mangsuli “Kowe ketiban nangka saiki sirahmu mrempul!”.
“ Mulane sirahku ngelu banget”, kandha Arif.
Ahmad nambahi “Saiki ora usah njipuk buah meneh dadine nyolong sadurunge omong karo sing duwe ben ora kedadeyan kaya ngene.”
Arif kandha “He’e aku kapok Mad!”.

Kejadian kuwi ndadekake bocah lima dadi ora njipuk buah maneh amerga njipuk buah ora omong padha karo nyolong buah.

Karangan Eksposisi

Teh saged kagem tamba jerawat


Nyencem teh kagem damel wedang saumpami boten telas ampas teh saged kagem tamba jerawat lan toyanipun teh kagem mbasuh. Menawi dinten niki teh ingkang kagem wedang boten telas ngenjang saged kagem tamba jerawat utawi dinengke, teh ingkang dinengke sewengi asmanipun teh wayu. Lajeng sawise subuh utawi pajar saged dipunwiwiti caranipun, setunggal sawise tilem pasuryan boten dipunwasuh toya ngantos wungu banjur dipunngolesaken ampas teh wonten ing pasuryan lan uga toya teh wayu boten dipunbuwang amargi wonten pigunane maneh. Sawise dipunngolesaken ampas teh wonten ing bageyan pasuryan lan tinambahan wonten ing soca uga saged dipunwenehi timun supados saged tinambah seger utawi fresh. Dipunentosi wekdal gangsal menit banjur dipunraupi ampas teh wonten ing pasuryan ngagem toyanipun teh wayu ingkang sampun dipunsiapaken, boten dipunbuwang lan boten dipunraupi ngagem toya ingkang biyasa  lajeng dipunusapi ngagem anduk.

Ekstrak teh saged nyilikaken pori-pori, nyamaraken flek, ngatasi jerawat lan nutrisi kulit. Kandunganipun tanin wonten ing teh uga sae saged ngatasi kulit wonten ing sinaripun srengenge. Wonten kandunganipun vitamin B1, vitamin C, lan vitamin A. Monggo sedaya mawon ingkang kedah nyobi lan boten wonten efek samping kagem salira, pasuryan, lan sanesipun.  

Sliramu

SLIRAMU


Tansah kelingan sliramu
Ing jero dadha kang ana jenengmu
Rina wengi, panas adem
Kang ana ning sirahku mung sliramu

Ora kepitung jenengmu tak sebut
Ora bisa tentrem atiku
Sepisan ora kepethuk rasane kaya setaun
Ora bisa adoh aku saka sliramu

Kaya dene lintang lan rembulan
Katresnanku ora bisa luntur
Kaya dene esemmu marang sliraku

Dadi seksi tresnaku marang sliramu

Katresnan

Layang katresnan


Kang mas
Uwis suwe olehku nandang duka
Rasa iki kaya tali sing dawa
Nanging ora ngerti tekan ngendi

Kang mas
Rikala wengi kae
Udan riwis-riwis lan sarwa adem
Olehku nandang duka ora ketulungan

Kang mas
Nanging tresnamu kang agung lan suci
Yen bisa nyedak lan mapak sliramu

bakal tak sunggi katresnan iki rikala kepungkur

guritku

Pengin Mulih


Adoh nang kana
Omahku nyebrang pulo
Ngliwati alas jati
Limang taun ora mulih

Akeh wong padha mrantau
Nyambut gawe nang kutha
Ora preduli pegaweyane
Kuli panggul

Olih rejeki pengin mulih
Nyenengake kaluwarga
Mbangun omah gedhe

Ora preduli sepira abote