Pages

Rabu, 02 Juli 2014

Cerita Wayang



Sinta Ilang

Rama, Sinta, lan Lesmana sing katundhung saka Ayodya esuk kuwi lagi mlaku-mlaku ing satengahe Alas Dandaka. Dumadakan ana Kidang emas sing  gawe sengseme Sinta. Banjur Sinta njaluk Rama supaya nyekel Kidang emas mau. Rama nggudak Kidang emas banjur manah kena wetenge. Kidang emas tiba gleseran lan jerit sabanter-bantere. Saka panggonane Sinta lan Lesmana, Sinta krungu swara jeritan sing dikira jeritane Rama. Sinta ngutus Lesmana kanggo nulungi Rama. Sinta dhewekan. Dumadakan ana pertapa njaluk pitulungane Sinta. (Adegan sampai Sinta memegang tangan Pertapa). Jebul, Pertapa mau Rahwana sing nyamar supaya bisa gawa mlayu Sinta menyang Ngalengka. Nalika Sinta digawa mabur, Jathayu ngonangi lan ngoyak Rahwana supaya bisa nulungi Sinta, ananging ora kasil. Rama lan Lesmana bingung goleki Sinta sing ilang saka panggonane. Nalika goleki Sinta Rama lan Lesmana nemu Jathayu sing tanpa daya. Rama lan Lesmana nulungi Jathayu. Ing kana Jathayu uga kandha yen Sinta digawa mlayu Rahwana menyang Ngalengka. Sadurunge mati Jathayu kandha supaya Rama ngobong ragane, banjur ngetutake keluke sing bisa nuduhake playune Rahwana.

Cerita Legenda



Dumadine Candi Prambanan


Rikala semana ana Raja ajejuluk Prabu Baka. Piyambake mimpin Kraton Prambanan lan duweni putri ayu kanthi nama Roro Jonggrang. Awit Prambanan njajah warga Pengging, Pangeran Pengging kang nama Bandung Bondowoso diutus supaya merjaya Prabu Baka. Singkating crita, Bandung Bondowoso kasil merjaya Prabu Baka. Rara Jonggrang  banget mangkele karo Bandung Bondowoso, apa maneh nalika Jonggrang arep dipekgarwa.
Bandung Bondowoso                 : “Putri Rara Jonggrang kersaa dadi garwaku, sliramu bakal dakayomi ”
Rara Jonggrang                             : “Ora bakal! Yen awakmu bisa gawe candi cacahe sewu kanthi wektu sewengi, aku gelem dadi bojomu.”
Bandung Bondowoso : “Ya, bakal daklakoni saratmu kuwi.”
Bandung Bondowoso sing sekti mandraguna ngundang jin supaya ngrewangi gawe candi. Siji mbaka siji candi dibangun kanthi cepet.
Rara Jonggrang sing sabenere lara ati krana Ramane diperjaya Bandung Bondowoso, bengi iku golek cara supaya Bandung Bondowoso ora kasil ngrampungake sewu candi. Jonggrang njaluk pitulungan marang ibu-ibu kanggo nuthuki lesung supaya jagone padha kluruk. Nalika jago kluruk, jin-jin padha wedi lan ninggal gaweyane amarga dikira wis rina. Kamangka durung rampung anggone mbangun candi.
Candi sing kudune cacahe ana sewu wektu iku isih kurang siji. Bandung sing rumangsa diapusi Rara Jonggrang nganti ndadekake dheweke murka. Awit saka iku, Bandung ngesotke Rara Jonggrang dadi watu kanggo njangkepi candi sewu.
Saiki Bandung Bondowoso bisa ngrampungake sarate mbangun candi sing cacahe sewu. Ananging dheweke ora bisa nggarwa Rara Jonggrang, awit Jonggrang wis dadi candi. Ing reja-rejaning jaman, candi sewu saiki diarani candi Prambanan sing ana ing Desa Prambanan, propinsi Ngayogyakarta.

Cerita Penglaman Pribadi



Kutuk lan Kuthuk


Kula Gilang, taksih kelas sekawan SD. Griya kula wonten ing dhaerah Gondhang, Sragen, caket kaliyan salah satunggaling peken. Sanajan agengipun boten sepintena, ananging peken menika ngemot sedaya barang pokok dumugi barang ingkang langka. Janganan dhaerah pesisir kadosta kangkung dumugi janganan gunung kadosta loncang ugi wonten. Semanten ugi babagan kewan. Peken menika sadeyan trewelu dumugi iwak segara. Boten mokal yen peken menika boten nate sepi. Peken menika namung bikak ing legi kaliyan wage kemawon, dados boten saben dinten bikakipun.
Wonten ing sawijining dinten, inggih menika dinten minggu wage, kula kaliyan kanca-kanca dolan menyang peken saperlu tumbas kuthuk ingkang sampun dipuncet warna-warni. Kula, Adhit, kaliyan Roni tumbas kuthuk teng Pak Ngadiman. Kula milih kuthuk ingkang warna abrit, amargi benten piyambak kaliyan sanes-sanesipun. Nalika badhe wangsul saking peken, kuthuk kula ucul, lajeng mlayu teng blok ingkang sadeyan iwak. Kula lan kanca-kanca midar-mider madosi kuthuk warni abrit, lajeng kula nyuwun pirsa kaliyan salah satunggaling bakul iwak, “Pak, teng ngriki wonten kutuk menapa boten, nggih?” “Oh, enten-enten dhik. Sik tak bungkusne,y.” wangsulanipun bapak wau. Kula radi kaget menawi krungu tembung “Tak bungkusne”. Boten dangu pak bakul iwak maringi kula setunggal plastik iwak, lajeng ngendikan “Iki dhik kutuke. Sekilo patangpuluh lima ewu ya”. Lah dala. Kula kaget. Kula nembe ngertos anak pitik nyebatipun kuthuk menawi kula nyebat kutuk, kula bakal angsal setunggal kresek iwak kangge dipungoreng.

Resensi Novel



Irah-irahan Buku                     : Sawise Langite Katon Biru
Panganggit                              : Yunani S. W.
Panerbit                                   : Organisasi Pengarang Sastra Jawa (OPSJ)
Warsa Terbit                            : 2013
Kandelipun Buku                    : 100 kaca


Ing jaman sakmenika, basa jawi kirang dipunminati para pamaos amargi sampun jaman modern utawi globalisasi lan ginakaken basa resmi bahasa Indonesia. Amarga sing duwe basa boten ngrumat lan nguri-uri, luwih remen basa asing utawi internasional. Masarakat jawa lancar ing basane dhewe nanging saiki boten ngenali basa ibu. Ing adicara Talkshow kalawingi wonten Ibu Yunani S. W. dados pambicara lan panganggit buku “Sawise Langite Katon Biru” menapa milih basa jawi amargi wonten ing novel kasebut Ibu Yunani gadhah gegayuhan saged nguri-uri basa jawi lan nglestarekaken budaya jawi kangge jaman sakmenika.
Miturut buku “Sawise Langite Katon Biru” nyariyosaken ing Batu kutha Malang wayah esuk srengenge katon mencorong ing daleme Bu Purwo eyange Retno. Wektu kuwi Retno pikantuk surak saka mbakyune jenenge Endah sing ngabari yen Endah rencana bakal pindhah tugas menyang Surabaya melu Mas Hendratmo ingkang ngasta dhokter kuwi calon bojone Endah. Lan ngabari enggal ngoperasi mripatmu bakal weruh maneh, Retno dadi tambah seneng. Sawijining dina, Endah teka ing daleme Bu Purwo mampir kangen karo adhine Retno sing ditresnani. Dina sebtu esuk daleme Pak Hadi ing Patemon Timur padha tata-tata nyiapake dhaupe Endah karo Hendratmo nanging ana sing isih kurang Retno adhine Endah ora gelem teka ing dhaupe mbakyune Retno. Wektu Hendratmo mbujuk Retno, nang kamar keprungu swara bengok-bengok, Retno nyuwun tulung dikonbenake clanane Retno amarga Retno wuta dadi ora bisa weruh lan atine Hendratmo dadi dheg-dhegan. Wektu kuwi eyang arep lunga menyang gereja banjur mampir ning kancane pensiunan Bu Nandar, Retno lan Hendratmo ditinggal nang omah wong loro padha jagongan ning kebon apel sing dirumat eyang. Dumadakan Retno njupukake apel lan kepleset nang ngisor ditampani Hendratmo ning ngisor lan wong loro padha rerangkulan ning kebon apel. Banjur sadar lan ngeculake rangkule, Retno mlebu kamar karo nangis. Operasi ngganti kornea mripate Retno kelakon kanthi slamet lan lancar.
Nalika iku lawang mbuka kamar mbukak, Endah karo bapak ibune mlebu. Wong tuwane melu bungah banget ndeleng anake padha seneng. Retno lan Hendratmo akeh ketemune lan wong loro padha geguyonan bareng ning omahe Hendratmo dumadakan mripat kang galak mau dadi lilih lan lembut sunare, dhadhane krasa sesek padha rerangkulan bareng. Sawijining dina Endah dipunutus ngeterake ibu mirsani wayang, Retno lan Hendratmo ora gelem dijaki banjur ditinggal wong loro nang omah. Retno lan Hendratmo mlebu kamar padha rerangkulan bareng nanging Endah balik maneh ngo omah dompete klalen digawa. Wektu mlebu omah Endah weruh Retno lan Hendratmo nang kamar wong loro, atine Endah sedhih banget. Banjur Endah ngomong karo Hendratmo wis dislingkuh karo adhine dhewe Retno lan nesu sarta ngancem karo Retno yen ora usah teka ngo omahe mbakyune maneh. Dadekake bingung lan sedhih bali menyang Batu ketemu eyange sadurunge mampir greja ketemu Rama Robertus. Karo Rama Robertus, Retno ngandakake kabeh ngenani Hendratmo lan Endah, Retno uga duwe pepenginan dadi non utawa biarawati amerga dheweke akeh luput lan dosane uga pengin ngabdi marang Tuhan. Wektu eyang ngerti Retno bakal dadi biarawati banjur Bu Purwo mangkat menyang Surabaya ketemu karo Endah lan Bu Hadi. Saka katrangane wong loro Bu Purwo dadi kaget lan akon Endah kanggo mbujuk Retno bali ngo Batu nanging Retno ninggalake surat kanggo mbakyune Endah njaluk ngapura dosane lan Retno mangkat menyang Jogja. Sadurunge kuwi, Retno pamitan karo Hendratmo menyang Jogja lan ngubah jenenge dadi Amelia.
Kaluwihan ing buku menika, panganggit nyariyosaken crita sing gawe kawigatosan marang para pamaos pengin maca tekan sarampunge lan duwe pesan moral budhi pekerti.
Kekirangan ing buku menika, panganggit nyariyosaken crita sing rada fulgar marang pamaos dadekaken mboten ngajari lan ndidik sing bener, crita kasebut kudu nggadahi amanat, nyegah pamaos nirukaken crita ing dhuwur lan saking basa tandha ejaanipun wonten ingkang luput uga kirang ginakaken krama.

Cariyos Pengalaman Pribadhi



Imunisasi


Sore iku aku dijak bapak lan ibu menyang daleme bidhan Astuti. Ibu lan bapak arep mriksakake adhik, amarga wis kudune entuk imunisasi campak. Adhiku, Ririn, umure lagi 9 sasi.
Tekan daleme bidhan Astuti, durung ana pasien liya kejaba Ibu lan Bapak. Aku melu mlebu ndelok kepriye anggone ngimunisasi. Aku uga arep matur apa wae jinis-jinise imunisasi iku, lan apa gunane imunisasi kanggone bayi.
Bidhan Astuti nalika iku wis ana ing papan priksa. Aku lan ibu banjur mlebu karo matur, “Sugeng sonten, Bu. Punika badhe imunisasi campak.”
Bidhan Astuti banjur ngajak salaman ibu lan uga aku, lan ngendika, “Sugeng sonten, Bu Ridwan, lha menika napa Si Ani nggih? Wah lah kok wis gedhe. Kelas pinten menika?”
“Inggih, menika Ani, ingkang alitipun gendhut. Sakmenika sampun kelas gangsal.”
Bidhan Astuti banjur nimbang Ririn lan dicathet ana KMS (Kartu Menuju Sehat). Uga mriksa sedhela, banjur adhik diimunisasi campak. Adhiku nangis sedhela.
Bubar iku aku nyoba matur marang bidhan Astuti, “Bu, menapa ginanipun imunisasi?”
Bidhan Astuti mansuli, “Imunisasi iku suntikan kanggo kekebalan utawa vaksinasi kanggo daya tahan awak anggone nyegah penyakit sing mbebayani, kayata TBC, difteri, pertussis, tetanus, campak, polio, lan hepatitis B.”
“Lha niku awak sehat kok malah disuntik niku pripun, Bu?”
“Suntikan iki jenenge vaksin. Vaksin iku bibit penyakit sing wis digawe ringkih banjur dienggo imunisasi. Gunane kanggo bayi utawa bocah-bocah ben dadi tahan utawa kebal marang penyakit sing diimunisasi iku, dadi pengobatan wis ora dibutuhake maneh.”
Ibu priksa menawa aku nyuwun priksa banjur ngendika, Wis An, olehmu matur Bu Bidhan? Kok malah ngrepoti ngono?”
Bu Bidhan banjur mangsuli, “Boten Bu Ridwan, kersanipun kemawon, Ani apa arep matur  maneh?”
Aku banjur nyuwun priksa, “Imunisasi punika dipunparingaken dhateng sinten kemawon, Bu?”
“Oh, imunisasi iku diparingake marang, sepisan, bayi umur 0 nganti 12 sasi. Apike sadurunge genep setaun bocah wis entuk imunisasi lengkap. Loro, marang bocah kelas 1 SD umur antarane 6-7 taun lan kelas VI SD antarane umur 12-13 taun. Yen iki khusus kanggo bocah wadon. Telu, kagem ibu sing lagi ngandhut telung sasi lan wolung sasi. Sing ping papat, kanggo wong wadon sing arep dadi manten.”
“Imunisasi sing diparingaken adhik wau jenenge imunusasi campak, terus gunane napa, Bu?”
“Imunisasi campak iku gunane kanggo maringi kekebalan marang penyakit campak. Imunisasi iki diwenehake sepisan wae, nalika umur 9 sasi.”
Aku manthuk-manthuk tandha yen wis lega, banjur matur, “Menawi ngaten sapunika kula sampun cetha, lan matur nuwun nggih, Bu.”
“Iya, Ani. Ibu bidhan dadi remen. Jebule Ani bocah pinter, gelem takon bab sing kaya ngene. Yen durung cetha kapan-kapan pareng mrene matur Bu Bidhan.”
Ibu banjur nyuwun pamit amarga wis ana sing arep priksa maneh.