Pages

Rabu, 02 Juli 2014

Cariyos Pengalaman Pribadhi



Imunisasi


Sore iku aku dijak bapak lan ibu menyang daleme bidhan Astuti. Ibu lan bapak arep mriksakake adhik, amarga wis kudune entuk imunisasi campak. Adhiku, Ririn, umure lagi 9 sasi.
Tekan daleme bidhan Astuti, durung ana pasien liya kejaba Ibu lan Bapak. Aku melu mlebu ndelok kepriye anggone ngimunisasi. Aku uga arep matur apa wae jinis-jinise imunisasi iku, lan apa gunane imunisasi kanggone bayi.
Bidhan Astuti nalika iku wis ana ing papan priksa. Aku lan ibu banjur mlebu karo matur, “Sugeng sonten, Bu. Punika badhe imunisasi campak.”
Bidhan Astuti banjur ngajak salaman ibu lan uga aku, lan ngendika, “Sugeng sonten, Bu Ridwan, lha menika napa Si Ani nggih? Wah lah kok wis gedhe. Kelas pinten menika?”
“Inggih, menika Ani, ingkang alitipun gendhut. Sakmenika sampun kelas gangsal.”
Bidhan Astuti banjur nimbang Ririn lan dicathet ana KMS (Kartu Menuju Sehat). Uga mriksa sedhela, banjur adhik diimunisasi campak. Adhiku nangis sedhela.
Bubar iku aku nyoba matur marang bidhan Astuti, “Bu, menapa ginanipun imunisasi?”
Bidhan Astuti mansuli, “Imunisasi iku suntikan kanggo kekebalan utawa vaksinasi kanggo daya tahan awak anggone nyegah penyakit sing mbebayani, kayata TBC, difteri, pertussis, tetanus, campak, polio, lan hepatitis B.”
“Lha niku awak sehat kok malah disuntik niku pripun, Bu?”
“Suntikan iki jenenge vaksin. Vaksin iku bibit penyakit sing wis digawe ringkih banjur dienggo imunisasi. Gunane kanggo bayi utawa bocah-bocah ben dadi tahan utawa kebal marang penyakit sing diimunisasi iku, dadi pengobatan wis ora dibutuhake maneh.”
Ibu priksa menawa aku nyuwun priksa banjur ngendika, Wis An, olehmu matur Bu Bidhan? Kok malah ngrepoti ngono?”
Bu Bidhan banjur mangsuli, “Boten Bu Ridwan, kersanipun kemawon, Ani apa arep matur  maneh?”
Aku banjur nyuwun priksa, “Imunisasi punika dipunparingaken dhateng sinten kemawon, Bu?”
“Oh, imunisasi iku diparingake marang, sepisan, bayi umur 0 nganti 12 sasi. Apike sadurunge genep setaun bocah wis entuk imunisasi lengkap. Loro, marang bocah kelas 1 SD umur antarane 6-7 taun lan kelas VI SD antarane umur 12-13 taun. Yen iki khusus kanggo bocah wadon. Telu, kagem ibu sing lagi ngandhut telung sasi lan wolung sasi. Sing ping papat, kanggo wong wadon sing arep dadi manten.”
“Imunisasi sing diparingaken adhik wau jenenge imunusasi campak, terus gunane napa, Bu?”
“Imunisasi campak iku gunane kanggo maringi kekebalan marang penyakit campak. Imunisasi iki diwenehake sepisan wae, nalika umur 9 sasi.”
Aku manthuk-manthuk tandha yen wis lega, banjur matur, “Menawi ngaten sapunika kula sampun cetha, lan matur nuwun nggih, Bu.”
“Iya, Ani. Ibu bidhan dadi remen. Jebule Ani bocah pinter, gelem takon bab sing kaya ngene. Yen durung cetha kapan-kapan pareng mrene matur Bu Bidhan.”
Ibu banjur nyuwun pamit amarga wis ana sing arep priksa maneh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar