Sinta
Ilang
Rama, Sinta, lan Lesmana sing katundhung saka Ayodya
esuk kuwi lagi mlaku-mlaku ing satengahe Alas Dandaka. Dumadakan ana Kidang
emas sing gawe sengseme Sinta. Banjur
Sinta njaluk Rama supaya nyekel Kidang emas mau. Rama nggudak Kidang emas
banjur manah kena wetenge. Kidang emas tiba gleseran lan jerit
sabanter-bantere. Saka panggonane Sinta lan Lesmana, Sinta krungu swara jeritan
sing dikira jeritane Rama. Sinta ngutus Lesmana kanggo nulungi Rama. Sinta
dhewekan. Dumadakan ana pertapa njaluk pitulungane Sinta. (Adegan sampai Sinta
memegang tangan Pertapa). Jebul, Pertapa mau Rahwana sing nyamar supaya bisa
gawa mlayu Sinta menyang Ngalengka. Nalika Sinta digawa mabur, Jathayu ngonangi
lan ngoyak Rahwana supaya bisa nulungi Sinta, ananging ora kasil. Rama lan
Lesmana bingung goleki Sinta sing ilang saka panggonane. Nalika goleki Sinta
Rama lan Lesmana nemu Jathayu sing tanpa daya. Rama lan Lesmana nulungi
Jathayu. Ing kana Jathayu uga kandha yen Sinta digawa mlayu Rahwana menyang
Ngalengka. Sadurunge mati Jathayu kandha supaya Rama ngobong ragane, banjur
ngetutake keluke sing bisa nuduhake playune Rahwana.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar