Pages

Rabu, 02 Juli 2014

Cariyos Wayang



Rama Parasu


     Kocap kacarita, Prabu Rahwana Raja, tan kena sinayudan pepenginanira arsa anggarwa Dewi Citrawati. Sanadyan wus mangerteni yen Sang Rajaputri wus kapundhut garwa dening Prabu Harjuna Sasrabahu, nanging Raja Putri kang wus winartan dadya titising Batari Widawati lan kondhang sulistya ing warna, tansah katon malela tan kena ilang kinedhepake. Warta kang wus kaladuk angebeki jagad, sapa kang kuwawa anggarwa titising Batari Widawati, bakal urip mulya langgeng ing jagad.
     Mila Prabu Rahwana ya Prabu Dasamuka adreng nglurug ngrabaseng prang nggelar baris segelar sepapan. Jroning lumampah saka ing Negara Alengka, para bala raseksa Alengka njejarah rayah para kawula Maespati ing desa, keh para kawula kang padha kaprawasa. Patih Suwanda kang murina sigra mapag krodhane Sang Rahwana Raja. Senadyan ngetog sakehing kasekten, nanging datan widagda ngrangsang jurit, temah gugur ing payudan. Dadya ngigit igit tyase Sang Sri Harjuna Sasrabahu.
     Kanthi sarira tunggal, Prabu Harjuna Sasrabahu nrenggalangi mungsuh, datan rila lamun patih kang cinaket, tumekaning tiwas. Triwikrama Sang Prabu! Kasaut wani Raja ing Ngalengka, sigra kapikut-kabanda lan sineret ing rata. Wales ukum kang ngluwihi siksane marang Prabu Dasamuka karana males tindak siya marang gugure Patih Suwanda.
     Wauta, Kalamarica, abdi kinasih Rahwana Raja, karana mulat ratu gustinira kang wus kapikut, sigra manjing jroning Taman Sriwedari asarira prajurit kang nandang tatu. Nyebar wisa mandi, nyebar kabar ngayawara marang para abdi emban. Kinabaran Manawa Sang Prabu Harjuna Sasrabahu wus sirna margalayu. Lan malih kakabarake, Manawa Prabu Rahwana wus siyaga ngrabasa manjing ing Taman Sriwedari. Mila para emban lan Prameswari Dewi Citrawati arsa kaboyong dadi bebandan.

1 komentar:

  1. Wynn Las Vegas Casino & Hotel - JMH Hub
    Contact Information. 동두천 출장안마 Hours, Takes, Takes, 목포 출장안마 Takeout, 고양 출장마사지 Parking. 경기도 출장샵 Check-in, PokéStop, and PokéStop services. 부천 출장마사지 JM Hotel

    BalasHapus