Pages

Rabu, 02 Juli 2014

Cerita Kethoprak



SEJARAH PATI
ONDO RANTE
KETHOPRAK KANCIL JOYO


Paraga :
1.      Kanjeng Adipati
2.      Semba Kradan
3.      Prajurit
4.      Ondo Rante
5.      Tole


Kanjeng Adipati  : Semba Kradan.
Semba Kradan     : Dawuh tinimbalan Kanjeng.
Kanjeng Adipati  : Pasugihan ngalihan sowan.
Semba Kradan : Kalih sing sapara-para namung sungkemipun ingkang abdya mung katur                                         ngabiyantara dalem.
Kanjeng Adipati  : Gugup anggon kula para lewat pujiyo pangestuku ditampani.
Semba Kradan: Kapundiyane mbala jimat anggen kula tansah ngembane dhateng jumeneng dalem wonten ing Kadipaten Pati, Kanjeng.
Kanjeng Adipati  : Barang kabeh para layat karing praja lan padha sumewa.
Prajurit                 : Nggih.
Kanjeng Adipati : Sira kabeh wulan ndak keparengake padha nyaruwus kalamun panjenengan ora miji marang wonten sira ya?
Prajurit                 : Nggih ngastokaken.
Kanjeng Adipati  : Semba Kradan.
Semba Kradan     : Dawuh timbalan dalem.
Kanjeng Adipati  : Nalika semana panjenengan kepareng dawuh marang wonten sira kang supaya nyenengake tumindake Ondo Rante menyang desa saiki, kepiye kabul sliramu?
Semba Kradan  : Duh Kanjeng Adipati sayekta menawi Ondo Rante sampun dipuntemaha dhateng sedaya tumindak awit katitik. Piyambakipun sampun ngempalakan nom-noman ing sitinggil kegladhi cara caraning keprajuritan, awit kenging menapa ingkang abdi unjuk atur ingkang kados ngaten nalika panjenengan ngutus dhumateng ingkang abdi supados nyenengake sitinggil pacak barisipun para nom-noman dereng kemawon kula mlebet wonten ing sitinggil dipunpapak nom-noman menawi kaperang langkung kathah ing sitinggil tinimbang penderek saking Kadipaten Pati. Kula sampun matur dhateng sedaya para nom-noman ingkang sumedya njagi dhateng tapolatosing sitinggil bilih kula kautus dhateng ngendika Kanjeng supados pinanggih kalih ondo rante boten dipunparingaken ngantos dadosaken pasuwayah.
Kanjeng Adipati  : Kanthi ndadekake pasuwayah?
Semba Kradan     : Nggih Kanjeng.
Kanjeng Adipati  : Jambuhing paprangan.
Semba Kradan     : Sedaya para prajurit ingkang Kadipaten Pati kapeksa kula unduraken.
Kanjeng Adipati  : Prajurit Pati padha mundur?
Semba Kradan     : Nggih leres.
Kanjeng Adipati  : Yen ngono cetha sadurunge Ondo Rante kae tumindak dheweke ngumpulake kabeh para nom-noman ing desa sitinggil cetha mung kanggo kakuwatan ing Ondo Rante. Panjenenganku salah sawijining pangayoman ing Kabupaten Pati.
Semba Kradan     : Nggih.
Kanjeng Adipati : Welas marang kabeh para kawula padha ora ngerti dhadhak salahing perkara  nganti Ondo Rante tumindak sawenang-wenang, Semba Kradan.
Semba Kradan     : Dawuh timbalan dalem Kanjeng.
Kanjeng Adipati  : Yen kowe pancen durung bisa katemu kalawan Ondo Rante durung bisa ngelingake marang tumindake Ondo Rante kowe aja padha wedi kangelan. Initerjagabrahaning prajurit, ayo ndherekake panjenenganku tumuju menyang  desa sitinggil panjenenganku pribadiyanku katemu kalawan Ondo Rante.
Semba Kradan    : Menawi kersa panjenengan kados ngaten boten wonten ingkang badhe ndherek. Sumangga Kanjeng.
Tole                      : Kula niki nggumun?
Ondo Rante         : Sing mbok gumuni apa?
Tole                : Wong kula niki boten sampeyan weleg napa-napa namung kula wani nggih, niku sampeyan pripun?
Ondo Rante   : Ngene le, wong urip kuwi anane wani merga ngerti lan dijalari nek ora dijalari  lan ora ngerti manungsa ora bakal wani apa sababe wani merga ngukuhi  bener.
Tole                      : Kula niki ajeng taken kaliyan panjenengan.
Ondo Rante         : Takon wae.
Tole     : Sampeyan gethinge ora jamak kaliyan wong sing jungkar-jungkir niku menapa sababe, kula bingung kaliyan sampeyan.
Ondo Rante         : Ngene le.
Tole                      : Nggih.
Ondo Rante     : Aja kliru, aku ora gething merga padha-padha manungsane merga dhewekne kuwi kaya-kaya urip ning donya dianggep ora ana liyane nganggo sapenake dhewe saiki jajal rasakno le.
Tole                     : Nggih pripun?
Ondo Rante        : Padha grudhag-grudhug apik-apik endhase kethok rambute ditutupi.
Tole               : Nggih kula niku wonten njero kamar sumuke ora karuan, wonten wong tutupan brukut kethok matane thok.
Ondo Rante     : Grudhug rana grudhug rana tak piker-pikir kaya tawon nek perkara kuwi ora apa-apa.
Tole                  : Menapa malih?
Ondo Rante : Sing dadi mangkelku kuwi merga wong aku arep ngaso utawa aku leren awak kesel kepengin mbalekake rasa kesel padha diganggu.
Tole                     : Pripun?
Ondo Rante  : Nek wayah surup bengok-bengok lawa bubar....lawa bubar, cangkeme bengok-bengok lawa kon bubar.
Tole                   : Nggih nek ora bubar surup-surup bubar piyambak.
Ondo Rante : Sing tak mangkeli tak cegat pancen angger bengok-bengok tak brengkolange ngono iku padha muni ngene ora salah diarani salah wong salah mbok disalahna.
Tole                     : Nggih niku kliru wong sing gumun pripun?
Ondo Rante : Sing tak mangkeli bareng-bareng tak rungokna kemin….kemin….kemin, kemin ning omah thenguk-thenguk diundangi njaluk dikepruki tenanan.
Tole                     : Nggih niku sampun kula kepruki lan eret-eret.
Ondo Rante  : Mula kowe tak printahake bocah-bocah nek angger ora gelem leren, ora gelem sing apik antemi wae kabeh.
Kanjeng Adipati : Ondo Rante.
Ondo Rante        : Wonten menapa?
Kanjeng Adipati : Lagi ngapa kowe?
Ondo Rante     : Wong melek ora weruh lawong ngadhek semene gedhene lagi apa, kula nggih                                 lagi ngadhek niki.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar