Pages

Senin, 30 Juni 2014

Karangan Eksposisi

Teh saged kagem tamba jerawat


Nyencem teh kagem damel wedang saumpami boten telas ampas teh saged kagem tamba jerawat lan toyanipun teh kagem mbasuh. Menawi dinten niki teh ingkang kagem wedang boten telas ngenjang saged kagem tamba jerawat utawi dinengke, teh ingkang dinengke sewengi asmanipun teh wayu. Lajeng sawise subuh utawi pajar saged dipunwiwiti caranipun, setunggal sawise tilem pasuryan boten dipunwasuh toya ngantos wungu banjur dipunngolesaken ampas teh wonten ing pasuryan lan uga toya teh wayu boten dipunbuwang amargi wonten pigunane maneh. Sawise dipunngolesaken ampas teh wonten ing bageyan pasuryan lan tinambahan wonten ing soca uga saged dipunwenehi timun supados saged tinambah seger utawi fresh. Dipunentosi wekdal gangsal menit banjur dipunraupi ampas teh wonten ing pasuryan ngagem toyanipun teh wayu ingkang sampun dipunsiapaken, boten dipunbuwang lan boten dipunraupi ngagem toya ingkang biyasa  lajeng dipunusapi ngagem anduk.

Ekstrak teh saged nyilikaken pori-pori, nyamaraken flek, ngatasi jerawat lan nutrisi kulit. Kandunganipun tanin wonten ing teh uga sae saged ngatasi kulit wonten ing sinaripun srengenge. Wonten kandunganipun vitamin B1, vitamin C, lan vitamin A. Monggo sedaya mawon ingkang kedah nyobi lan boten wonten efek samping kagem salira, pasuryan, lan sanesipun.  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar