Pages

Senin, 30 Juni 2014

Cerkak basa Jawa

Mie Ongklok

Idul Fitri Lita sakaluarga kumpul kabeh, sedurunge lebaran Idul Fitri kirang seminggu wektu puasa. Lita paling seneng nang nggon simbahe amarga suasana nang desa Ngabean, masarakate kang raket, sopan lan padha tetulung marang wong liya. Apa maneh wektu puasa Lita seneng banget biyantu simbah gawe panganan lan jajan kanggo lebaran. Lita lan sedulur liyane nyelukake simbahe yaiku simbok.
“Kula ngrewangi nggih mbok?” kandha Lita. Simbah mangsuli “Yo, kene nduk alon-alon wae!”.
Lita seneng banget bisa ngrewangi simbahe lan bisa ajar masak amarga nang omah Lita ora tahu masak amarga sekolah mulihe sore. Banjur Lita arep ngedikan marang simbahe menawa Lita arep ajar masak kanggo ngemben nek uwis nikah pinter masak.
“Mbok, kula nyuwun diajari masak kanggo ngemben nek kula sampun nikah pinter masak”, kandha Lita.
“ Heem nduk, tak ajari ben bisa masak!” Simbah mangsuli.
Lita diajari masak kaliyan simbahe kanthi bisa, nalika wektu malem takbiran nang ngabean rame banget akeh bocah cilik padha nyumet kembang api lan mercon ing plataran omahe dhewe-dhewe. Lajeng para bapak, ibu, lan remaja padha zakat fitrah ing masjid lan takbiran ngumandang ing saben desa. Lita lan kanca-kancane padha dolan lungo Alun-Alun Wonosobo, ngombe kopi lan jagongan bareng nganti tekan jam 12 banjur Lita mulih ngo omah.
“Takbirane isih berkesan lan suasanane rame banget karo nonton kembang api yo?” kandha marang kancane.
Kancane mangsuli “He’e apik banget, ayo bali ngesuk isuk ziarah ing makam, esuke banjur adus lungo masjid sholat id bareng-bareng!”.
“Iyo, ngesuk bareng!” Lita nambahi.
Esuke Lita lan sakaluargane lungo sarean kanggo ziarah ing makame mbah kakung,mbah buyut lan saliyane kanggo dongani, lajeng sawise saka ziarah Lita adus kanggo  sholat id nang masjid nanging banyu ing kamar mandi mati Lita kandha maring simbahe.
“Mbok, niki kepripun ajeng adus toyanipun pejah?” takon Lita.
“Nduk, adus nang kamar mandi wetan wae sing banyune urip”, Simbah mangsuli.
“Nggih mbok”, kandha Lita.
Sawise Lita sholat id banjur padha salam-salaman marang kaluargane lan  masarakat desa Ngabean, diwenehi pangan lan jajan ing saben omah. Lebaran Idul Fitri iki kanggo Lita seneng banget amarga kaluargane kabeh bisa kumpul sing saka Jakarta, Jepara lan Boyolali. Seminggu Idul Fitri ana panganan kang durung pernah Lita pangan yaiku Mie Ongklok,  mie kang gawene diongklok, diwenehi sayur kuban lan kecai ana kuah kentel digawe saka pati lan ketambahan sate ayam utawa sapi lan uga bisa dipangan karo tempe kemul khas Wonosobo. Ana bakul liwat ing ngarep omah banjur Lita tuku.
“Kang tumbas Mie Ongklok!” kandha Lita.
Bakule mangsuli “Nggih mbak sekedap.”
Ora ngenteni suwi Mie Ongklok wis mateng lan Lita mangan bareng-bareng karo sakaluarga.
“Rasane aneh yo, nanging suwi-suwi enak!” kandha Lita.
Sedulure Lita nyauri “Pancen enak, kowe durung pernah mangan.”
“He’e agi pisan iki mangane!” Lita nambahi.

Nalika kuwi Lita kepingin maneh mangan Mie Ongklok, saben lungo marang simbahe uga seneng mangan Mie Ongklok saka Wonosobo. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar