Serat
Riyanta
Wonten
Serat Riyanta punika kacariyos menawi ing nagari Surakarta wonten priyantun
luhur, asmanipun pangeran Notosewojo. Pangeran punika gadhah putra naminipun
raden mas Riyanta. Wiwit raden mas Riyanta umur enem taun, dheweke ditinggal
seda kaliyan ramanipun. Lajeng namung dirawat kaliyan ibunipun. Dados, raden
mas Riyanta sanget dipun tresnani dening ibunipun. Menawi sampun umur pitung
taun, raden mas Riyanta di pindah wonten ing Semarang. Wonten Semarang punika
raden mas Riyanta ndherek pamanipun, asmanipun raden mas Tondowidjojo. Wonten
mriku, raden mas Riyanta kadidik dados jejaka ingkang bagus polah tingkahipun.
Ibunipun remen sanget menawi gadhah anak tunggal ingkang bagus rupanipun
kaliyan polahipun, dados ibunipun nuruti sakkabehanipun katurutane raden mas
Riyanta. Ngantos umur kalih dasa, raden mas Riyanta dereng gadhah estri ingkang
ditresnani. Mula, ibunipun tansah was-was. Banjur ibunipun ngengken raden mas
Riyanta kangge golek tiyang estri kangge didadosaken bojonipun. Nanging raden
mas Riyanta dereng purun, banjur ngulur-ulur waktu kaliyan ngendika menawi
dereng wonten tiyang estri ingkang ditresnani. Raden mas Riyanta tasih kepengin
golek pengalaman kangge kauripan punika.
Kala
semanten, nuju ing wanci serap surya raden mas kaliyan raden mas durjat, inggih
mitranipun katemuan. Raden mas Durjat ngajak raden mas Rijanto kangge tindak
dateng ngalun-alun ningali kumidi Hradu. Wonten mriku malah kebakaran wong-wong
pada playon kangge nylametaken awake dhewe-dhewe. Nalika badhe kandur, raden
mas ditabrak kaliyan lare estri ingkang umuripun kinten kawan welas taun. Lare
punika nangis sarwi sasarubat ngupadosi tiyang sepuhipun menawi
katalingsut.amargi melas, raden mas Riyanta banjur ngeteraken wangsul. Nalika
badhe diteraken wangsul bocah wau malah ngilang, amargi sampun ketemu kaliyan
tiyang sepuhipun. Nanging raden mas Riyanta dereng ngertos namanipun bacah wau.
Raden mas Riyanta tresna kaliyan estri punika. Saking kumidi, raden mas Riyanta
banjur wangsul dateng dalemipun. Wonten dalem, ibunipun malah badhe njodhoaken
raden mas Riyanta. Amargi boten purun bab jejodhohan punika, raden mas Riyanta
banjur tindak menyang Boyolali. Menawi sampun radi adhem, raden mas Riyanta
banjur wangsul wonten dalemipun.
Akhiripun,
raden mas Riyanta ketemu kaliyan tiyang estri ingkang wonten ing kumidi. Inggih
punika raden ajeng Srini. Raden ajeng Srini punika putrinipun kyai Pamrayoga,
ingkang uwakipun raden mas Riyanta. Raden mas Riyanta remen sanget kaliyan
raden ajeng Srini, nanging raden mas Riyanta boten wani ngomong. Lajeng, raden
ajeng Srini badhe di jodhoaken kaliyan jaler saking Rembang. Amargi kuciwo
kaliyan bab punika, raden mas Riyanta lajeng ndamel lukisan gambaripun raden
ajeng Srini. Ibunipun raden mas Riyanta banjur tindak dateng wonten ing dalemipun
kyai Pramayoga, menawi badhe tanglet bab perjodhohan punika. Nanging ulem-ulem
punika boten leres. Lajeng ibunipun raden mas Riyanta banjur nembung raden
ajeng srini kangge didadosaken menantu. Raden mas Riyanta kaliyan raden ajeng
Srini mantenan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar