Pages

Senin, 30 Juni 2014

Asal-usul Desa Welahan

Asal-Usul Welahan

Kacarita ing jaman sadurunge masehi sebageyan pulo jawa iku segara kang amba. Ana salah sawijining kaluwarga saka Tiongkok, ana bapak, ibu, lan anake papat. Bapake Dampo Awang lunga perang ing perbatasan kanggo mbela nagarane nanging ora tau bali maneh. Banjur ibune urip dhewe karo anak papat lanang kabeh lan sawijine jenenge Dampo Awang. Watake Dampo Awang kuwi keras lan pinter kawruhe ora kaya adhi-adhine sing menengan lan manutan. Dampo Awang lan adhi-adhine duwe rembugan, rencanane padha kepengin merantau nyambut gawe ning kutha. Banjur padha pamitan karo ibune kanggone lunga merantau ben dadi wong sing sukses. Wektu setahun, adhi-adhine Dampo Awang padha balik niliki ibune nanging Dampo Awang ora balik. Anggone Dampo Awang nyambut gawe ing kutha kasil duwe pepenginan yaiku duwe garwa kang ayu rupane.
 Banjur Dampo Awang nikah duwe garwa kang ayu rupane lan sugih. Sawijining dina, Dampo Awang lan garwane lunga numpak kapal ketemu karo ibune lan adhi-adhine nanging Dampo Awang ora gelem ngakoni amerga isin karo garwane dadekake ibune ora gelem ketemu karo Dampo Awang.
“Dampo Awang anakku, iki ibumu!”, celathune Ibune Dampo Awang.
“Sapa kowe? Aku ora kenal!”, pitakone Dampo Awang.
“Apa kowe ora kelingan ibumu, sing nglaerake kowe?”, pitakone Ibune Dampo Awang.
“Ora, aku ora duwe ibu sing wis tuwa kaya ngene lan elek. Ibuku ayu lan omahe ing kutha”, wangsulane Dampo Awang.
“Anak durhaka kowe, aku ora bakal ngakoni kowe dadi anakku maneh!”, celathune Ibune Dampo Awang.
“Ibu…………….!”, Dampo Awang njerit.
“Apa kowe, ora usah ngundang ibu. Aku ora duwe anak kaya kowe”, celathune Dampo Awang.
Banjur Dampo Awang getun amerga tumindake lan kepengin ngrubah kepriye carane. Sawise, Dampo Awang ninggalake garwane lan sakaluargane ing Tiongkok arep lunga pulo Jawa ketemu karo Sunan Muria. Tekan ing pulo Jawa Dampo Awang ditakoni Sunan Muria merga apa kekarepan ing kene.
“Dampo Awang ana kekarepan apa adoh-adoh tekan kene?”, pitakone Sunan Muria.
“Apa urusanmu takon-takon?”, pitakone Dampo Awang.
“Dampo Awang, tumindakmu kuwi ora sopan lan ora duwe tata karma!”, wangsulane Sunan Muria.
“Kula kedhah pripun? Menapa kula matur kirang sopan?”, pitakone Dampo Awang.
“Kowe kudu ngurmati aku lan kowe ora olih mulih amerga bakal ora slamet balik saka kene lan kena kacilakan ing dalan”, sabdane Sunan Muria.
“Aku ora wedi lan ora preduli omonganmu!”, celathune Dampo Awang.
Dampo Awang ora preduli omongane Sunan Muria banjur mulih numpak prau saka Muria, nanging ing tengah dalan praune Dampo Awang kena angin kang gedhe banjur praune kuwalik. Praune ilang lunga arah kidul sing welahe iku melbu ing jero sumur omahe Nyah Pasu. Nyah Pasu yaiku wong Cina kang adol jamu, jaman biyen jamune Nyah Pasu laris akeh sing tuku bisa kanggo tamba ngobati penyakit amerga bahan jamune Nyah Pasu iku bahan rempah kang digawa Dampo Awang saka Muria. Nganti saiki jamune Nyah Pasu isih ana lan diwarisake marang anak putune nanging adole ora rame kaya biyen dadi sepi merga saiki wis akeh sing adol jamu gendhong utawa ider. Rempah kang digawa Dampo Awang yaiku klebu kunir, temulawak, lempuyang lan liya-liyane. Welah iku saka tembung basa Indonesia kang diarani “dayung”. Wis ana ing carita kethoprak yaiku ing akhiring jaman, ing ramene jaman bakal dijenengi Welahan.
Dampo Awang lunga ing dhaerah Gunung Muria maneh kanggone arep luru rempah lan ketemu karo Sunan Muria. Nanging sadurunge lunga Gunung Muria, Dampo Awang diwenehi wangsit saka kancane Kyai Setu menawa yen rempah kuwi manggone ing pucuke Gunung Muria. Tekan ing Gunung Muria, Dampo Awang diserang karo utusane Sunan Muria banjur ditulung karo Kyai Setu. Sawise nulungi Dampo Awang, Kyai Setu langsung ilang lan lunga ora ngreti ning endi. Sunan Muria dadi gumun karo Dampo Awang amerga isih wani tekan Gunung Muria.
“Kowe ana prelu apa nang kene?”, pitakone Sunan Muria.
“Aku arep luru rempah kanggo obat ing rawa iki”, wangsulane Dampo Awang.
“Iki dudu rawa nanging gunung!”, celathune Sunan Muria.
“Aku ora ngandel, iki jenenge rawa”, Dampo Awang ora precaya.
“Tak kandhani iki jenenge gunung, kowe kudu manut!”, Sunan Muria karo meksa.
“Aku emoh manut karo kowe!”, celathune Dampo Awang.
“Kowe ngejaki padhu karo aku!”, Sunan Muria karo nantang.
“Iya, aku tetep milih rawa!”, celathune Dampo Awang.
Dampo Awang celathu “rawa” manawa Sunan Muria celathu “gunung” dadekake padha perang banjur dijenengi Rawagunung.
“Ayo gelut karo aku!”, celathune Sunan Muria.
“Ayo, aku ora wedi karo kuwe!”, celathune Dampo Awang.  
Nalika Dampo Awang lagi gelut karo Sunan Muria pikanthuk kakuwatan saka sesepuhe ing Tiongkok, kakuwatan kuwi cumlorote cahya saka tawang. Dampo Awang bisa ngatasi Sunan Muria amerga nganggo kakuwatane lan nganggo cara-cara kang bisa nipu Sunan Muria. Ing perang karo Dampo Awang, Sunan Muria ngalami kacilakan ora bisa nglawan lan tiwas. Nanging wektu padha gelut mau Dampo Awang ora ngreti yen mau Sunan Muria ngewenehi tandha ing sirahe.
“Cilaka ana apa iki ing sirahku, malah dadi ana tandha kaya ngene!”, celathune Dampo Awang.  
Tandha mau bentuke kaya lintang nanging wernane abang lan tandha kuwi ora bisa ilang. Dampo Awang ngrasa slamet saka Sunan Muria banjur duwe pepenginan, saka Tiongkok gawa obat-obatan lan biyantu ngobati para masarakat Jawa. Banjur Dampo Awang disabda karo masarakat ing welahan lan dadi muallaf uga dedonga marang Gusti Allah SWT.
Awit dhaerah Muria sing Rahtawu nganti desa Welahan padha thukul obat-obatan tradisional kang disebut jamu kayata kunir, temulawak, lan rempah-rempah liyane, amerga obat-obatan kang digawa. Ing dhaerah Rahtawu uga ana wit-witan kayuangin. Ning Muria Dampo Awang duwe kanca sing jenenge Kyai Setu digawa lunga Welahan. Lan dikandhani menawa ana ing salah sawijining panggonan ing Welahan ana sumur kang bisa dicemplungi tekan tanah Tiongkok yaiku ing Gunung Batu Semarang nanging saiki wis ditutup.
“Kyai, aku ngutus kowe!”, celathune Dampo Awang.
“Ngutus kanggo apa?”, pitakone Kyai Setu.
“Jaganen welahan iki, menawa ana kacilakan tulungana”, wangsulane Dampo Awang.
“Ya, bakal dak jaga welahan naming kowe arep ning ndi?”, pitakone Kyai Setu.
“Aku arep bali menyang Tiongkok lan dadi tentara”, wangsulane Dampo Awang.
Dampo Awang ngutus Kyai Setu kanggo njaga Welahan banjur dheweke mulih lunga Tiongkok. Tekan ing Tiongkok, Dampo Awang dadi tentara ing Cina. Ing Cina lagi ana perang, Dampo Awang diutus karo Kaisar Cina lunga tanah Jawa maneh kanggo golek obat-obatan amerga kanggo ngobati masarakat Cina. Satekane Dampo Awang ana ing pulo Jawa  golek obat-obatan nanging Dampo Awang ora langsung mulih malah manggon lan urip ing Semarang. Salah sijine prajurit nglaporake marang Kaisar Cina yen Dampo Awang ora balik menyang Cina.
“Salam Kaisar, Dampo Awang menika boten wangsul menyang Cina maneh”, celathune prajurit.
“Apa? Wani-wanine kowe, Dampo Awang!”, kagete Kaisar Cina.
“Sakmenika Dampo Awang manggon wonten ing Semarang”, celathune prajurit.
“Prajurit susul Dampo Awang lan cekel nganti entuk, gawa bali menyang Cina arep dak ukum!”, ngamuke Kaisar Cina.
Banjur Kaisar Cina ngerti yen Dampo Awang nguciwani mula ngutus prajurit supaya ngoyak Dampo Awang ing Jawa. Ngerti yen dheweke lagi diluru prajurit saka Cina, Dampo Awang njaluk pitulungan marang Kyai Setu kancane.
“Kyai, tulungi aku?”, panyuwune Dampo Awang.
“Ana apa Dampo Awang?”, pitakone Kyai Setu.
“Aku lagi dioyak prajurit Cina kang diutus Kaisar Cina”, wangsulane Dampo Awang.
“Ana kadadeyan apa kowe dioyak prajurit Cina?”, pitakone Kyai Setu.
“Aku wis gawe kuciwa Kaisar Cina amerga sejatine aku diutus lunga Jawa nggoleki obat-obatan kanggo masarakat Cina nanging aku ora bali maneh menyang Cina lan aku ora kuwat urip ing Cina”, wangsulane Dampo Awang.
“Kowe tenang wae, aku bakal nulungi kowe saka prajurit Cina”, celathune Kyai Setu.
“Maturnuwun Kyai, kowe pancen kancaku sing dak precaya”, celathune Dampo Awang.
“Iya, aku wis nganggep kowe kaya kaluwargaku dhewe”, celathune Kyai Setu.
Kyai Setu saguh lan gelem nulungi Dampo Awang saka prajurit Cina, nalika prajurit Cina teka Dampo Awang lan Kyai Setu bisa ngalahake. Dampo Awang bisa ngatasi prajurit Cina amerga olih pambiyantu saka Kyai Setu, nang perang mau Dampo Awang nganggo kakuwatane lan nganggo cara-cara kang bisa nipu prajurit Cina. Sadurunge, Kaisar Cina ngutus prajurit kanggo goleki katrangan bab Dampo Awang. Kaisar Cina ora kentekan akal, banjur ngutus prajurite nyulik garwane Dampo Awang ing Tiongkok. Wektu Dampo Awang arep nulungi garwane, Kaisar Cina ngancem arep mateni garwane Dampo Awang  kanggone ben Dampo Awang ora bisa nglawang prajurit Cina.
“Dampo Awang kowe bisa lolos saka aku nanging aku bisa gawa kowe bali menyang Cina, kowe kang bakal mrene dhewe!”, celathune Kaisar Cina.
“Aku ora bakal kalah nglawan kowe, culake bojoku wonge ora reti apa-apa!”, celathune Dampo Awang.
“Prajurit cekel Dampo Awang lan kalahke!”, celathune Kaisar Cina.
Banjur Dampo Awang nyerah amerga wedi lan gawa garwane kang ditawan karo Kaisar Cina ing kunjara. Krungu kedadeyan kaya mangkono Kyai Setu ora trima banjur langsung lunga Tiongkok arep nulungi lan mbebasake Dampo Awang kang ditawan ing kunjara.
“Dampo Awang!”, celathune Kyai Setu.
“Kyai Setu, piye caramu nganti tekan kene?”, pitakone Dampo Awang.
“Meneng wae, aku bakal mbebasake kowe lan garwamu”, wangsulane Kyai Setu.
“Iya, maturnuwun Kyai Setu”, celathune Dampo Awang.
“Kowe arep manggon ing Semarang apa ing Welahan?”, pitakone Kyai Setu.
“Gawanen aku ing Semarang, Kyai”, wangsulane Dampo Awang.
“Ya dak gawa lunga Semarang”, celathune Kyai Setu.
Kyai Setu bisa nulungi Dampo Awang saka prajurit Cina lan Dampo Awang digawa lunga Semarang kanggone ben aman. Dampo Awang netep lan manggon ing pulo Jawa amerga duwe kekarepan kang wigati lan uga ngewenehi pitulungan karo masarakat ing Jawa. Banjur Dampo Awang diwenehi tugas yaiku nyampekake amanat utawa pesen kanggo anak putune lan pitutur kang duwe kekarepan bisa ngrubah tumindake ing dalan kang bener kaya mangkene “sing gelem melu aku mrenea, sing ora gelem ya ora apa-apa”.
“Kita kabeh ora sarujuk karo kowe, Dampo Awang!”, celathune salah siji masarakat.
“Ngapa?”, pitakone Dampo Awang.
“Cara iki kang bisa dadi cepet sugih, tinimbang melu kowe kene bisa urip susah!”, wangsulane salah sijine masarakat.
“Kowe padha durung sadar yen rejeki, urip, mati lan jodho wis ana sing ngatur yaiku Allah SWT”, celathune Dampo Awang.
“Sapa iku? Iku Tuhanmu, Tuhanku ing klentheng kene!”, celathune salah siji masarakat.
Mula klentheng ing Welahan kuwi kanggo ngluru pesugihan lan ora bersyukur marang Gusti Allah SWT. Nanging kadadeyan kuwi ora suwe amerga wong Cina lan masarakat kana kang manggon ing klentheng wis ora ngluru pesugihan.
“Aku nyuwun ngapura Dampo Awang”, celathune salah siji masarakat.
“Wis, ngapuramu daktampa nanging kowe kabeh kudu dedonga karo Allah SWT”, Dampo Awang ngandhani.
“Ya, kene bakal dadi manungsa kang bener lan ora musyrik”, celathune salah siji masarakat.
“Buktekake saiki nanging aja karo aku sejatine karo Allah SWT”, celathune Dampo Awang.
“Nggih Dampo Awang”, celathune salah siji masarakat.
Padha sadar omongane Dampo Awang sing kudu ngrubah tumindak dadi kang luwih becik, banjur tugase Dampo Awang bisa kalaksanan kanthi lancar.
Ing Gunung Batu Semarang Dampo Awang kerep diceluki Sam Poo Kong nganti salawase. Krana kedadeyan kaya mangkono, Gunung Batu saiki aran Sam Poo Kong. Jaman biyen ing Semarang akeh masarakat Cina lan klentheng kuwi wis atusan taun. Mula saiki akeh wong Cina padha manggon ing kana, masarakat sing cedhake klenteng padha ziarah lan padha maos serat yasin. Ing klentheng welahan uga ana perang kang disebut perang kangkam pamor kencana merga klentheng welahan arep diobong nganggo sedrigen padha karo rongpuluh liter lenga gas, nanging ora mempan malah klenthenge wutuh ora ana bekas diobong. Mergane diobong amerga ana sebageyan masarakat kang ora seneng karo wong kang tumindake ning klentheng sakarepe dhewe lan saiki ing pasar Welahan cedhake klentheng ana toko jenenge toko pamor sing duweni wong Cina.
Ing njero pasar Welahan ana wit ingas gedhe uga ana asal-usule, ana kayu kang semlanggrah lan ana sawijining kyai sing jenenge Kyai Pesanggrahan. Kyai Pesanggrahan kuwi dadekake pasar Welahan dadi pasar kang saya gedhe lan duwe bojo kang nganggrahe ing pasar Guwo. Amerga jasane Kyai Pesanggrahan pasar Welahan dibangun karo pamarentah lan dadi nganti saiki.
Nanging ana dhewe carita manawa wit ingas kuwi asale saka prau kang ditumpaki karo Dampo Awang lan welahe manggon ing sumure Nyah Pasu. Jaman saiki para masarakat precaya menawa wit ingas kuwi saka praune Dampo Awang lan saiki ditutupi karo tembok gedhe. Miturute masarakat, yen lewat saka tembok gedhe kuwi ngrasa singup lan diprecaya ing kana makame Kyai Pesanggrahan. Jaman semana, manawa ana wong duwe anak sing lagi lara dijaki lunga pasar Welahan kanggone ziarah gawa kembang ing makame Kyai Pesanggrahan sawise kuwi awake dadi adhem lan waras. 
Kacarita ana sepuh-sepuh ing jaman pemberontakan dipunrintis nganti jaman Mataram para demang padha keplayu ing Welahan. Demang bisa diarani lurah utawa sesepuh, banjur ing Welahan dadekake ana demang limang kiblat karo pundene. Kaping pisan, ana ing sisih lor kuwi jenenge Mbah Buyut Sukun, kaping loro ana ing pojok lor sisih wetan jenenge Mbah Kamandaka, kaping telu ana ing pojok kidul sisih wetan jenenge Mbah Jenggot, kaping papat ana ing pojok kidul sisih sisih kulon jenenge Mbah Surgi, lan pungkasan kaping lima ana ing tengah jenenge Mbah Ngarang. Mbah Ngarang menika sareane wonten ing dusun Brondongan. Menika para Demang ing jaman biyen kanggone bisa ngrubah para mudha mudhi saiki kang akeh polah tingkahe sing ala mula kudu dadi sing becik, nanging ing jaman Mataram para Demang mau agamane islam dadi biyen iku uga nyebarake agama islam ing Welahan. Lan sareane para Demang saiki jenenge Punden, Punden iku kanggo petilasan utawa kanggo nyekar lan akeh kang padha ziarah ing kana padha dedonga.
Jaman biyen, pasar Welahan kuwi pasar kang cilik lan durung ana sing ngopeni. Banjur Mbah Surgi kang ngrintis pasar Welahan. Kacarita, yen jaman semana saben wayah esuk Mbah Surgi mangkat menyang pasar Welahan, wektu wayah dhuhur Mbah Surgi mulih nanging ora gawa dhuwit nanging gawa gethuk, thiwul, lan jagung amerga sing padha adol ing pasar Welahan ngewenehi lan ngajeni Mbah Surgi.
“Piye kabare, bakulane payu akeh ora?”, pitakone Mbah Surgi.
“Nggih lumayan Mbah”, wangsule bakul pasar.
“Kowe adol apa Yu?”, pitakone Mbah Surgi.
“Namung panganan niki Mbah gethuk, thiwul, lan liya-liyane”, wangsule bakul pasar.
“O, muga-muga payu akeh ya Yu!”, celathune Mbah Surgi.
“Nggih maturnuwun Mbah, niki kula paring sakedhik Mbah”, karo ngewenehake marang Mbah Surgi.
“Walah, dadi ngrepotke Yu”, celathune Mbah Surgi.
“Boten napa-napa Mbah”, celathune bakul pasar.
Sawise paristiwa Dampo Awang, wektu jaman kamardikan akeh markas pejuang ing desa Brondhongan isih melu kecamatan Welahan. Perang kamardikan kang kaping kalih taun 1948 ana organisasi islam yaiku GPII (Gerakan Pemuda Islam Indonesia) dadi tentara khosbul waton amerga biyen tau dibrondong karo walandha banjur dijenengi dusun Brondhongan. Khosbul waton mau kanggone padha mbela lan masarakat Welahan padha dadi tentara GPII kang ngusir walandha saka Welahan. Caritane para masarakat Brondhongan padha ngungsi ing desa Gidangelo amerga ana perang karo walandha. Ana salah sawijining masarakat kang ora mbela walandha sebab sadurunge wis diwenehi dhuwit lan pepenginan.
“Menapa kowe mbela walandha?”, pitakone tentara GPII.
“Aku wis diwenehi dhuwit lan kaluwargaku bakal aman wis dijamin karo walandha”, wangsulane wong mbela walandha.
“Apa kowe ora preduli karo nagaramu dhewe?”, pitakone tentara GPII.
“Preduli ngapa, saiki apa dhewe diwenehi dhuwit manawa melu perang, ora kan!”, wong kang mbela walandha ngeyel.
 “Pancen ora dibayar nanging apa kowe ora duwe rasa welas marang nagaramu dhewe kanggone ben aman lan padha slamet kabeh, uripe yo bakal makmur”, tentara GPII ngandhani.
Ana ing Kali Serang biyen dadi pelabuhan, mula saka sodagar lan ulama Arab melbu Pulo Jawa ing pelabuhan sing cedhak karo klenteng jenenge Bandaran lan saiki dijenengi desa Bandaran. Nanging dusun Bandaran melu dhaerah ing kabupaten Demak.  

Ing jaman saiki welahe Dampo Awang ing jero sumure Nyah Pasu bisa weruh ana ing dina-dina keramat kang bisa weruh melah kuwi kaya wayah rendeng ngene iki nanging durung ana wong sing tau ngonangi utawa weruh langsung welahe ing jero sumur. Manawa ana wong lara bisa uga ngombe banyu saka sumur iku bisa kanggo tamba lara mulane ana khasiate. Jamu sing kanggo tamba ing Nyah Pasu yaiku kayuangin, manisjangan, lempuyang, kunir, lan sapiturute. Sumur iki uga bisa diarani keramat merga banyune kang bening bisa kanggo tamba lara utawa obat lan saben dina diwenehi sajen ana ing cedhak sumure. Miturut masarakat, sabenere Dampo Awang kuwi Sam Poo Kong. Paristiwa ing dhuwur kuwi paristiwa kang ana kaitane karo Dampo Awang lan paristiwa sawise Dampo Awang uga duweni sejarah kang ana kaitane asal-usul Welahan.  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar