Pages

Senin, 30 Juni 2014

Cerkak Jawa

Nyolong Buah

Ing sawijining dina, ana Adi, Yanto, Arif, Anto lan Ahmad. Bocah lima kuwi mau lunga menyang sekolah bareng sawise tekan sekolah ora ana gurune. Wektu istirahat padha ngumpul ana ing kantin lan ngrembug bab kanthi serius, jebule yanto duweni ide ingkang cerdik lan ngandakake karo kanca-kancane mau.
            “Ana apa iki rame-rame padha ngumpul ning kantin?” kandha Arif.
Banjur Yanto mangsuli “Kene! Arep ngrembug ide kanggo muleh sekolah kudu melu kabeh.”
Arif takon maneh “Arep padha ngapa muleh sekolah?”
Adi nyauri “Mengko bar muleh sekolah arep njipuk buah semangka nggone Pak Sabar nang kulon kebon.”
“Ya, aku melu nanging aja lali bageyanku!” Arif mangsuli.
“Tenang wae kabeh kebageyan rata”, Ahmad nambahi.
Sawise ngrembug babagan kanggo muleh sekolah bocah lima mau nyiapake apa sing kanggo njipuk semangka nang kebon.
            “Aku wis gawa peso!” kandha Anto.
Yanto nambahi “Bagus ta, mengko Anto karo Adi bageyan ngiris oyote saka buah, Aku karo Ahmad luru semangka kang wis mateng, Arif sing jaga nang ngarep kebon wis padha ngerti kabeh tugase?”.
“Ya ngerti!” Adi, Arif, Anto lan Ahmad mangsuli.
Rikala lonceng sekolah muni “Teng… Teng….”.
Bocah lima mau wis siap lunga kebon. Padha mlaku alon-alon, ing dalan Yanto ketemu karo ibune sing nembe muleh saka pasar.
“To, kowe arep ngo ndi aja dolan tekan sore”, kandha ibune Yanto.
Yanto mangsuli “ Nggih, mangke kula wangsul.” “Padahal, sawise njipuk semangka arep dolan adus nang kali karo kanca-kanca”, batine Yanto.
Nembe setengah perjalanan, ana salah sijine ngerti isih ana wong nang kebon yaiku Adi.
“Kanca-kanca mandhek sediluk, kae ngerti isih ana wong nang kebon!” kandha Adi. “He’e, piye iki dhewe ndelik ning ndi?” takon Anto.
Arif mangsuli “Kene nang mburi wit pelem,ayo!”.
Banjur padha ndelik nang mburi wit pelem, panase wis katon mencorong lan bocah lima kuwi ngrasa ngelih kabeh.
“Krucuk….”. “Suara apa kuwi?” takon Ahmad.
“Suarane wetengku ngelih”, Yanto wangsuli karo ngguyu.
Arif nambahi “Bocah ngelihan, sing sabar to!”.
            Kanca-kanca liyane padha melu ngguyu cekikikan. Ngenteni setengah jam nang mburi wit pelem banjur Adi ngerti nang kebon wis ora ana wong lan wis padha siap njipuk semangka nang kebon.
            “Ayo ngo kebon!” ajak Yanto.
Banjur Yanto lan Ahmad milihi semangka sing wis mateng lan Adi karo Anto ngiris oyote buah semangka. Arif bageyan jaga nang ngarep kebon, wektu wis sore lan Pak Sabar arep niliki kebon. Nalika bocah lima kuwi mau sibuk karo bageyane dhewe-dhewe, pak Sabar mlaku menyang kebon  lan Arif ngerti saka kadohan.
 “Kanca-kanca mandhek kae ana pak Sabar teka arep ngo kebon!” kandha Arif.
Adi lan Anto mangsuli “Ana apa rif, meneng kene agi sibuk engko ana wong kowe jaga wae.”
Adi lan Anto ora percaya karo omongane Arif, banjur Arif ngandani karo Yanto lan Ahmad nanging Arif malah disengeni karo Yanto.
“Rif, ngopo kowe ngo mene kon jaga kebon malah nusul?” takon Yanto.
“To, Mad kae ana pak Sabar mlaku arep ngo kebon ayo cepet  mulih”, kandha Arif.
 “Ora percaya ngapusi kowe!” Ahmad nambahi.
            Kanca-kancane Arif ora percaya, nanging Adi dadi penasaran karo omongane Arif lan niliki. Sawise niliki, Adi percaya karo Arif banjur ngandani karo kanca-kanca liyane. Liyane kabeh padha melu percaya karo Arif lan padha lunga saka kebon karo gawa semangka.
 “Kanca-kanca ayo padha mlayu ana pak Sabar!” ajak Yanto.
“Bener to omonganku ora ngapusi”, kandha Arif.
Ahmad nambahi, “Yo bener Rif omonganmu.”
Nalika bocah lima mau padha mlayu Pak Sabar ngerti lan kandha “Bocah-bocah aja mlayu, awas nek nyolong maneh!”.
Yanto, Adi, Arif, Ahmad lan Anto padha mlayu banter lan lungo kali arep adus karo mangan semangka saka kebon. Tekan kali bocah-bocah mau langsung adus banjur padha mangan semangka, Anto kandha
“ Seger yo, bar adus mangan semangka!”.
Yanto mangsuli “Enak tenan to!”
Arif nambahi “Ndi bageyanku sing paling akeh amarga aku sing jaga kebon lan ngerti ana pak Sabar?”
“Iki wis akeh rif, apa isih kurang kana njipuk maneh nek wani”, guyon Ahmad.
Liya dina, wektu awan Arif lungo omahe Ahmad arep ngajak njipuk nangka utawa gori nang sawah.
            “Assalamualaikum”, kandha Arif
Ahmad mangsuli “Waalaikumsalam, monggo!”.
“Nggih, Ahmad!” kandha Arif.
“Ana apa Rif?” takon Ahmad.
 Arif kandha “Kowe gelem ora mangan nangka nang sawah?”.
 “Aku gelem, ayo saiki!” Ahmad mangsuli.
Ahmad nambahi “ Kanca-kanca dijaki ora?”.
“Wiwit mau aku ngo omahe Yanto bocahe ora ana ngeterake ibune ngo pasar, Adi bocahe agi lara panas nang omah, ngo omahe Anto bocahe ora ana mboh nang ndi mulane aku ngo omahmu arep ngejak mangan nangka”, Arif mangsuli.
 “Yo wis, ayo ngo sawah!” ajak Ahmad.
 Arif lan Ahmad banjur mlaku ngo sawah luru wit nangka sing wis mateng. Tekan sawah Ahmad lan Arif nemu nangka sing wis mateng, nanging Arif ora bisa menek ngo dhuwur.
            “Mad, kowe sing menek ngo dhuwur yo?” akon Arif.
“Ngopo kowe ora bisa menek?” kandha Ahmad.
“He’e mad ora bisa, tak enteni nang ngisor!” Arif mangsuli.
Ahmad menek ngo dhuwur lan bisa tekan nggone nangka sing wis mateng, nanging Arif agi ngelamun.
“Rif, iki nangkane tampani awas yo!” kandha Ahmad.
Nangkane ngenani sirahe Arif lan ana suarane.
“Breeek….”. “Rif, suara apa kuwi kowe ora apa-apa to?” takon Ahmad.
Batine Ahmad “Dene Arif ora nyauri apa nangkane ngenani Arif.”
Jebule tenan nangka sing ditibakake Ahmad saka dhuwur ngenani Arif lan Ahmad kaget ngerti ngisor.
“Rif…rif tangi aja semaput nang kene, piye iki?” kandha Ahmad.
Sawise Arif tangi nanging sirahe mrepul ketiban nangka,
“Aku kenapa mad?” takon Arif.
Ahmad mangsuli “Kowe ketiban nangka saiki sirahmu mrempul!”.
“ Mulane sirahku ngelu banget”, kandha Arif.
Ahmad nambahi “Saiki ora usah njipuk buah meneh dadine nyolong sadurunge omong karo sing duwe ben ora kedadeyan kaya ngene.”
Arif kandha “He’e aku kapok Mad!”.

Kejadian kuwi ndadekake bocah lima dadi ora njipuk buah maneh amerga njipuk buah ora omong padha karo nyolong buah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar