Pages

Senin, 30 Juni 2014

Pranatacara Penganten

PASRAH PENGANTEN KAKUNG

Mahardikeng tyas ring kamardikan nugraha miwah sih wilasanipun gusti ingkang maha agung. Mugi anggung sumandha wonten ing jiwangga kita sawegung warading sagung dumadi, raharja, niskala satuhu.
Assalamualaikum Wr. Wb.
Keparenga kula marak ing ngarsa panjenengan, awit titiwanci menika kula ….. kedhawuhan dening Bapak Agus sekaliyan kinen matur dhumateng Bapak Rusman sekaliyan. Ingkang menika keparenga kula amurweng gati Ibu ….. ingkang minangka sulih sariranipun Bapak Rusman sekaliyang ingkang kinurmatan.
Sepisan, awit berkah pangestu panjenengan lampah kula wiwit saking griya ….. ngantos dumugi ing dalem ngriki, lancer gangsar nir baya nir sangsaya.
Ingkang angka kalih, panjenenganipun Bp Agus sekaliyan ngaturaken salam taklim katur panjenenganipun Bp Rusman sekaliyan mugi katampia kanthi suka renaming penggalih.
Ingkang angka tiga, dalu menika sampun anganti calon penganten kakung ….. pramila tumunten kula pasrahaken dhumateng Bp Rusman sekaliyan sinartan panyuwun mugi keparenga amiringi wewarah, wewuruk sangu-sanguning abalewisma.
Bapak Rusman ingkang kinurmatan, sowan kula ing dalu menika ugi kinanten uba rampe saha sarat sarana ingkang sanadyan wujud sarta ajinipun boten sapintena lan murih raket supeketing.
Bapak Rusman ingkang kinurmatan, atur kula minangka dados sesulih kathah kirangipun keparenga hambedhah kuthaning pangapsami. Minangka panutuping atur.
Wassalamualaikum Wr. Wb.



PANAMPI PENGANTEN ESTRI

Mahardikeng tyas ring kamardikan nugraha miwah sih wilasanipun gusti ingkang maha agung. Mugi anggung sumandha wonten ing jiwangga kita sawegung warading sagung dumadi, raharja, niskala satuhu.
Assalamualaikum Wr. Wb.
Minangka talangbasanipun Bapak ….. sekaliyan keparenga kula pun ….. nggempil kamardikan para rawuh saperlu ananggapi pangandikan bapak ….. sekaliyan ingkang lumantar bapak …..
Bapak Agus Ingkang kinurmatan, trajuning sih saking bapak Agus sekaliyan ingkang sampun rawuh ing ngriki satuhu adamel bombing sarta mongkokipun bapak Rusman sekaliyan. Ingkang menika lumantar kula bapak Rusman sekaliyan ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan.
Ugi sampun kula tampi salam taklim saking bapak Agus sekaliyan tumunten badhe kula aturaken dhumateng bapak Rusman sekaliyan. Bapak Agus ingkang minulyeng budi, rawuh panjenengan ingkang sampun anganti calon penganten kakungipun dimas bagus ….. adamel suka gembira manahipun bapak Rusman sekaliyan. Pramila kanthi raos bombing katampi pasrahipun calon penganten kakung.
Selajengipun dhumateng bapak Agus sukadang sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken lelenggahan sinambi paring pangestu mugi calon pengantin anggenipun badhe nglampahi daup silakrama benjang enjang tansah pinaringan wilujeng nir ing sambekala.
Minangka atur kula dados sesulih kathah kirangipun keparenga hambedhah kuthaning pangapsami. Minangka panutuping atur.
Wassalamualaikum Wr. Wb.



PAMBAGYAHARJA

Mahardikeng tyas ring kamardikan nugraha miwah sih wilasanipun gusti ingkang maha agung. Mugi anggung sumandha wonten ing jiwangga kita sawegung warading sagung dumadi, raharja, niskala satuhu. Tumrap para tamu ingkang angrasuk agami islam.
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun, para sepuh myang pinisepuh ingkang pantes sinungkeman, para sanak kadang sentanawarga pawong mitra ingkang tansah sinambrama ing pambajo. Para rumaja putra rumaja putri ingkang satuhu kinasih ing gusti
Minangka purwakaning atur, keparenga kula …. Minangka sesulihipun bapak Rusman sekaliyan, ngaturaken pambagya wilujeng dhumateng panjenengan sedaya. Ing salajengipun, mugi kepareng kula angambali atur uninga. Bilih wontenipun panjenengan sedaya rawuh wonten ing wismanipun bapak Rusman sekaliyan ing kalenggahan menika wigatos kasuwun pangestu dhumateng putrinipun ingkang asesilih nimas ayu …. Pikanthuk putranipun bapak Agus sekaliyan saking …..  ingkang asesilah nakmas bagus …..
Lumantar kanthi puja puji panjenengan sedaya, mugi-mugi gusti ingkang maha agung paring nugraha dhumateng calon penganten kekalih lan mugi-mugi kekalihipun saged mbangun balai wisma lan kaluwarga ingkang sakinah, mawadah, lan warahmah. Salajengipun bapak Rusman sekaliyan ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhahan dhumateng bapak/ibu panitia, tangga tepalih, sanak kadang ingkang sami biyantu bapak Rusman sekaliyan anggenipun kagungan kersa mantu ing kalenggahan menika.
Boten kesupen bapak Rusman sekaliyan, nglenggana bilih anggenipun nampi rawuhipun panjenengan kathah kalepatan saha kekiranganipun, pramila kula nguwasanakaken pangapunten. Para rawuh ingkang kinurmatan, minangka atur kula kathah kalepatan lan kirangipun kula nyuwun samudra pangapsami.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

PRANATACARA

Mahardikeng tyas ring kamardikan nugraha miwah sih wilasanipun gusti ingkang maha agung. Mugi anggung sumandha wonten ing jiwangga kita sawegung warading sagung dumadi, raharja, niskala satuhu. Tumrap para tamu ingkang angrasuk agami islam.
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun, para sepuh myang pinisepuh ingkang pantes sinungkeman, para sanak kadang sentanawarga pawong mitra ingkang tansah sinambrama ing pambajo. Para rumaja putra rumaja putri ingkang satuhu kinasih ing gusti, wardinipun dhumateng sangyaning para rawuh kakung putri wreda mudha minulya.
Sagah kajibah mingkuh katempuh, mestuti dawuhipun pamangku gati nuninggih bapak Rusman sekaliyan keparenga kula pun ….. marak ing ngarsa panjenengan awit ing titiwanci punika kula kadhawuhan mranatacara wonten ing pawiwahan dhaupipun …. Putrinipun bapak Rusman sekaliyan, kaliyan dhimas …. Priyatmajanipun bapak Agus sekaliyan saking ….
Para rawuh kakung putri wreda mudha minulya. Burat padha tresning putra, sisa brama welut wisa. Hambok bilih wonten lumunturing sih. Mugi keparenga kula angaturaken reroncen lampah-lampahing tatacara pahargyan/pawiwahan ing dalu menika ingkang as asana ing ….. amarengi hari ….. surya kaping ….. warsa masehi.
Menggah reroncening  tatacara pahargyan/pawiwahan ing dalu menika nuninggih :
  1. Sepisan pambuka utawi purwaka
  2. Dwi tyat cara utawi tatacara ingkang angka kalih. Praptanipun calon penganten priya ing sasana hargya tumunten kalajengaken pasrah panampining penganten priya. Pasrah penganten priya mangke badhe katindakaken dening ibu ….., dene panampi mangke badhe katindakaken dening ibu ….
  3. Purnaning pasrah panampining penganten priya tumunten badhe kadhaupaken nut tatacara adat Jawi tilaranipun para leluhur linuhung Jawi
  4. Tatacara candakipun atur pambagyaharja saking pamangku gati sekaliyan ingkang badhe katindakaken dening ibu …... ing ampingan/jinajaran dening bapak …. tuwin bapak Rusman
Mekaten para rawuh reroncen lampahing tatacara pawiwahan ing dalu menika.
Para rawuh ingkang dahat kinurmatan setunggal baka setunggal lampahing tatacara pahargyan ing dalu menika sampun katindakaken kanthi raharja. Wahyaning mangsa kala wus ndungkap titipurnaning panargyan. Wonten ing sungapaning pahargyan kula pun …. ingkang piniji pinitaya minangka panatacara hambok bilih anggen kula angayahi jejibahan wonten galap gangsuling atur kiranging subasita myang tatakrama kula nyuwun lumunturingsih samudra gung pangaksami.
Wassalamualaikum Wr. Wb.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar