Anoman Duta
Anoman dados dhuta
utusanipun Prabu Rama wonten ing nagari Pancawati, supados mitulungi Dewi
Shinta ingkang dipundustha dening Dasamuka inggih Rahwana wonten ing nagari
Ngalengka, saperlu badhe dipungarwa.
“Anoman, sira dakutus
lunga menyang Ngalengka kanggo nulungi Dewi Shinta”.
“Nggih Prabu Rama,
kula saguh mitulungi Dewi Shinta”.
“Mangkata menyang
nagari Ngalengka!”
“Nggih Prabu Rama”.
Womten ing tengah margi, Anoman kepanggih
kaliyan Jathayu
ingkang badhe sirna dipunpejahi dening Rahwana, rikala badhe nulungi Dewi Shinta ingkang dipundustha
dening Rahwana kanthi ngambah ing gegana.
“Kenging menapa panjenengan badhe
dipunpejahi dening Rahwana?”
“Kalawau kula badhe mitulungi Dewi Shinta
saking Rahwana nanging boten kasil”.
“Ngapunten Jathayu, kula boten saged
mitulungi panjenengan amargi kula dipunutus Prabu Rama badhe mitulungi Dewi
Shinta”.
“Nggih boten menapa, tulungana Dewi Sinta!”
Lajeng Anoman nilaraken Jathayu wonten ing
tengah alas lan nglajengaken lampah tumuju ing nagari Ngalengka. Anoman lewat
margi ingkang ketingal alus sanget menika sanes margi ingkang limrah nanging
margi menika lathinipun Raseksa ingkang dipungelar saengga Anoman boten
rumangsa menawi lumebet wonten ing tutukipun Raseksa menika. Dumugi
padharanipun Raseksa, Anoman nembe rumangsa menawi piyambakipun sampun wonten
ing padharanipun Raseksa.
“Raseksa, kenapa kowe arep ngalangi lampahku
menyang nagari Ngalengka?”
“Aku bakal mbela Rahwana lan kowe ora bisa
menyang nagari Ngalengka, kalahke aku dhisek yen bisa”.
“Tampanana iki Raseksa!”
Tekan ing nagari Ngalengka, Anoman lajeng
lumebet wonten ing Taman Asoka kanthi mlumpati baluwerti saperlu kepanggih Dewi
Shinta. Menawi sampun sepen, Anoman lajeng tetembungan kaliyan Dewi Shinta
nanging kepireng kaliyan Dewi Trijatha
minangka putrinipun Raden Gunawan Wibisana.
“Kula utusanipun saking Prabu Rama badhe
mitulungi Dewi Shinta ingkang dipundustha dening Rahwana. Prabu Rama sakmenika
nembe sedhih atine”.
“Menapa buktinipun menawi panjenengan
utusanipun Prabu Rama?”
“Menika titipan saking Prabu Rama ingkang
kedah kula paringaken kaliyan Dewi Shinta”.
Lajeng, Anoman maringaken sesotya saking
Prabu Rama. Menawi sesotya menika dipunagem Dewi Shinta saged "pas"
tegesipun Dewi Shinta dereng nate karasuk dening Rahwana lan nandhakaken bilih
Dewi Shinta taksih suci. Dewi Shinta ugi maringi susuk kondhe minangka
pralambang bilih Dewi Shinta ngentosi rawuhipun Prabu Rama, supados mitulungi
Dewi Shinta saking Rahwana.
“Kula nitip susuk kondhe menika kagem Prabu
Rama lan kula ngentosi rawuhipun Prabu Rama kangge mitulungi kula saking
Rahwana”.
“Nggih, mangke kula aturaken dhateng Prabu
Rama”.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar