Asal-Usul Welahan
Kacarita ing jaman sadurunge masehi sebageyan pulo
jawa iku segara kang amba. Ana salah sawijining kaluwarga saka Tiongkok, ana
bapak, ibu, lan anake papat. Bapake Dampo Awang lunga perang ing perbatasan
kanggo mbela nagarane nanging ora tau bali maneh. Banjur ibune urip dhewe karo
anak papat lanang kabeh lan sawijine jenenge Dampo Awang. Watake Dampo Awang
kuwi keras lan pinter kawruhe ora kaya adhi-adhine sing menengan lan manutan. Dampo
Awang lan adhi-adhine duwe rembugan, rencanane padha kepengin merantau nyambut
gawe ning kutha. Banjur padha pamitan karo ibune kanggone lunga merantau ben
dadi wong sing sukses. Wektu setahun, adhi-adhine Dampo Awang padha balik
niliki ibune nanging Dampo Awang ora balik. Anggone Dampo Awang nyambut gawe
ing kutha kasil duwe pepenginan yaiku duwe garwa kang ayu rupane.
Banjur Dampo
Awang nikah duwe garwa kang ayu rupane lan sugih. Sawijining dina, Dampo Awang
lan garwane lunga numpak kapal ketemu karo ibune lan adhi-adhine nanging Dampo
Awang ora gelem ngakoni amerga isin karo garwane dadekake ibune ora gelem
ketemu karo Dampo Awang.
“Dampo Awang anakku, iki ibumu!”, celathune Ibune
Dampo Awang.
“Sapa kowe? Aku ora kenal!”, pitakone Dampo Awang.
“Apa kowe ora kelingan ibumu, sing nglaerake kowe?”,
pitakone Ibune Dampo Awang.
“Ora, aku ora duwe ibu sing wis tuwa kaya ngene lan
elek. Ibuku ayu lan omahe ing kutha”, wangsulane Dampo Awang.
“Anak durhaka kowe, aku ora bakal ngakoni kowe dadi
anakku maneh!”, celathune Ibune Dampo Awang.
“Ibu…………….!”, Dampo Awang njerit.
“Apa kowe, ora usah ngundang ibu. Aku ora duwe anak
kaya kowe”, celathune Dampo Awang.
Banjur Dampo Awang getun amerga tumindake lan
kepengin ngrubah kepriye carane. Sawise, Dampo Awang ninggalake garwane lan
sakaluargane ing Tiongkok arep lunga pulo Jawa ketemu karo Sunan Muria. Tekan
ing pulo Jawa Dampo Awang ditakoni Sunan Muria merga apa kekarepan ing kene.
“Dampo Awang ana kekarepan apa adoh-adoh tekan
kene?”, pitakone Sunan Muria.
“Apa urusanmu takon-takon?”, pitakone Dampo Awang.
“Dampo Awang, tumindakmu kuwi ora sopan lan ora duwe
tata karma!”, wangsulane Sunan Muria.
“Kula kedhah pripun? Menapa kula matur kirang
sopan?”, pitakone Dampo Awang.
“Kowe kudu ngurmati aku lan kowe ora olih mulih
amerga bakal ora slamet balik saka kene lan kena kacilakan ing dalan”, sabdane
Sunan Muria.
“Aku ora wedi lan ora preduli omonganmu!”, celathune
Dampo Awang.
Dampo Awang ora preduli omongane Sunan Muria banjur mulih
numpak prau saka Muria, nanging ing tengah dalan praune Dampo Awang kena angin
kang gedhe banjur praune kuwalik. Praune ilang lunga arah kidul sing welahe iku
melbu ing jero sumur omahe Nyah Pasu. Nyah Pasu yaiku wong Cina kang adol jamu,
jaman biyen jamune Nyah Pasu laris akeh sing tuku bisa kanggo tamba ngobati
penyakit amerga bahan jamune Nyah Pasu iku bahan rempah kang digawa Dampo Awang
saka Muria. Nganti saiki jamune Nyah Pasu isih ana lan diwarisake marang anak
putune nanging adole ora rame kaya biyen dadi sepi merga saiki wis akeh sing
adol jamu gendhong utawa ider. Rempah kang digawa Dampo Awang yaiku klebu
kunir, temulawak, lempuyang lan liya-liyane. Welah iku saka tembung basa
Indonesia kang diarani “dayung”. Wis ana ing carita kethoprak yaiku ing
akhiring jaman, ing ramene jaman bakal dijenengi Welahan.
Dampo Awang lunga ing dhaerah Gunung Muria maneh
kanggone arep luru rempah lan ketemu karo Sunan Muria. Nanging sadurunge lunga
Gunung Muria, Dampo Awang diwenehi wangsit saka kancane Kyai Setu menawa yen
rempah kuwi manggone ing pucuke Gunung Muria. Tekan ing Gunung Muria, Dampo
Awang diserang karo utusane Sunan Muria banjur ditulung karo Kyai Setu. Sawise
nulungi Dampo Awang, Kyai Setu langsung ilang lan lunga ora ngreti ning endi. Sunan
Muria dadi gumun karo Dampo Awang amerga isih wani tekan Gunung Muria.
“Kowe ana prelu apa nang kene?”, pitakone Sunan
Muria.
“Aku arep luru rempah kanggo obat ing rawa iki”,
wangsulane Dampo Awang.
“Iki dudu rawa nanging gunung!”, celathune Sunan
Muria.
“Aku ora ngandel, iki jenenge rawa”, Dampo Awang ora
precaya.
“Tak kandhani iki jenenge gunung, kowe kudu manut!”,
Sunan Muria karo meksa.
“Aku emoh manut karo kowe!”, celathune Dampo Awang.
“Kowe ngejaki padhu karo aku!”, Sunan Muria karo
nantang.
“Iya, aku tetep milih rawa!”, celathune Dampo Awang.
Dampo Awang celathu “rawa” manawa Sunan Muria
celathu “gunung” dadekake padha perang banjur dijenengi Rawagunung.
“Ayo gelut karo aku!”, celathune Sunan Muria.
“Ayo, aku ora wedi karo kuwe!”, celathune Dampo
Awang.
Nalika Dampo Awang lagi gelut karo Sunan Muria
pikanthuk kakuwatan saka sesepuhe ing Tiongkok, kakuwatan kuwi cumlorote cahya
saka tawang. Dampo Awang bisa ngatasi Sunan Muria amerga nganggo kakuwatane lan
nganggo cara-cara kang bisa nipu Sunan Muria. Ing perang karo Dampo Awang,
Sunan Muria ngalami kacilakan ora bisa nglawan lan tiwas. Nanging wektu padha
gelut mau Dampo Awang ora ngreti yen mau Sunan Muria ngewenehi tandha ing
sirahe.
“Cilaka ana apa iki ing sirahku, malah dadi ana
tandha kaya ngene!”, celathune Dampo Awang.
Tandha mau bentuke kaya lintang nanging wernane
abang lan tandha kuwi ora bisa ilang. Dampo Awang ngrasa slamet saka Sunan
Muria banjur duwe pepenginan, saka Tiongkok gawa obat-obatan lan biyantu
ngobati para masarakat Jawa. Banjur Dampo Awang disabda karo masarakat ing
welahan lan dadi muallaf uga dedonga marang Gusti Allah SWT.
Awit dhaerah Muria sing Rahtawu nganti desa Welahan
padha thukul obat-obatan tradisional kang disebut jamu kayata kunir, temulawak,
lan rempah-rempah liyane, amerga obat-obatan kang digawa. Ing dhaerah Rahtawu
uga ana wit-witan kayuangin. Ning Muria Dampo Awang duwe kanca sing jenenge
Kyai Setu digawa lunga Welahan. Lan dikandhani menawa ana ing salah sawijining
panggonan ing Welahan ana sumur kang bisa dicemplungi tekan tanah Tiongkok
yaiku ing Gunung Batu Semarang nanging saiki wis ditutup.
“Kyai, aku ngutus kowe!”, celathune Dampo Awang.
“Ngutus kanggo apa?”, pitakone Kyai Setu.
“Jaganen welahan iki, menawa ana kacilakan tulungana”,
wangsulane Dampo Awang.
“Ya, bakal dak jaga welahan naming kowe arep ning
ndi?”, pitakone Kyai Setu.
“Aku arep bali menyang Tiongkok lan dadi tentara”,
wangsulane Dampo Awang.
Dampo Awang ngutus Kyai Setu kanggo njaga Welahan
banjur dheweke mulih lunga Tiongkok. Tekan ing Tiongkok, Dampo Awang dadi
tentara ing Cina. Ing Cina lagi ana perang, Dampo Awang diutus karo Kaisar Cina
lunga tanah Jawa maneh kanggo golek obat-obatan amerga kanggo ngobati masarakat
Cina. Satekane Dampo Awang ana ing pulo Jawa
golek obat-obatan nanging Dampo Awang ora langsung mulih malah manggon
lan urip ing Semarang. Salah sijine prajurit nglaporake marang Kaisar Cina yen
Dampo Awang ora balik menyang Cina.
“Salam Kaisar, Dampo Awang menika boten wangsul menyang
Cina maneh”, celathune prajurit.
“Apa? Wani-wanine kowe, Dampo Awang!”, kagete Kaisar
Cina.
“Sakmenika Dampo Awang manggon wonten ing Semarang”,
celathune prajurit.
“Prajurit susul Dampo Awang lan cekel nganti entuk,
gawa bali menyang Cina arep dak ukum!”, ngamuke Kaisar Cina.
Banjur Kaisar Cina ngerti yen Dampo Awang nguciwani mula
ngutus prajurit supaya ngoyak Dampo Awang ing Jawa. Ngerti yen dheweke lagi
diluru prajurit saka Cina, Dampo Awang njaluk pitulungan marang Kyai Setu
kancane.
“Kyai, tulungi aku?”, panyuwune Dampo Awang.
“Ana apa Dampo Awang?”, pitakone Kyai Setu.
“Aku lagi dioyak prajurit Cina kang diutus Kaisar
Cina”, wangsulane Dampo Awang.
“Ana kadadeyan apa kowe dioyak prajurit Cina?”,
pitakone Kyai Setu.
“Aku wis gawe kuciwa Kaisar Cina amerga sejatine aku
diutus lunga Jawa nggoleki obat-obatan kanggo masarakat Cina nanging aku ora
bali maneh menyang Cina lan aku ora kuwat urip ing Cina”, wangsulane Dampo
Awang.
“Kowe tenang wae, aku bakal nulungi kowe saka
prajurit Cina”, celathune Kyai Setu.
“Maturnuwun Kyai, kowe pancen kancaku sing dak
precaya”, celathune Dampo Awang.
“Iya, aku wis nganggep kowe kaya kaluwargaku dhewe”,
celathune Kyai Setu.
Kyai Setu saguh lan gelem nulungi Dampo Awang saka
prajurit Cina, nalika prajurit Cina teka Dampo Awang lan Kyai Setu bisa
ngalahake. Dampo Awang bisa ngatasi prajurit Cina amerga olih pambiyantu saka
Kyai Setu, nang perang mau Dampo Awang nganggo kakuwatane lan nganggo cara-cara
kang bisa nipu prajurit Cina. Sadurunge, Kaisar Cina ngutus prajurit kanggo
goleki katrangan bab Dampo Awang. Kaisar Cina ora kentekan akal, banjur ngutus
prajurite nyulik garwane Dampo Awang ing Tiongkok. Wektu Dampo Awang arep
nulungi garwane, Kaisar Cina ngancem arep mateni garwane Dampo Awang kanggone ben Dampo Awang ora bisa nglawang
prajurit Cina.
“Dampo Awang kowe bisa lolos saka aku nanging aku
bisa gawa kowe bali menyang Cina, kowe kang bakal mrene dhewe!”, celathune
Kaisar Cina.
“Aku ora bakal kalah nglawan kowe, culake bojoku
wonge ora reti apa-apa!”, celathune Dampo Awang.
“Prajurit cekel Dampo Awang lan kalahke!”, celathune
Kaisar Cina.
Banjur Dampo Awang nyerah amerga wedi lan gawa
garwane kang ditawan karo Kaisar Cina ing kunjara. Krungu kedadeyan kaya
mangkono Kyai Setu ora trima banjur langsung lunga Tiongkok arep nulungi lan
mbebasake Dampo Awang kang ditawan ing kunjara.
“Dampo Awang!”, celathune Kyai Setu.
“Kyai Setu, piye caramu nganti tekan kene?”,
pitakone Dampo Awang.
“Meneng wae, aku bakal mbebasake kowe lan garwamu”,
wangsulane Kyai Setu.
“Iya, maturnuwun Kyai Setu”, celathune Dampo Awang.
“Kowe arep manggon ing Semarang apa ing Welahan?”,
pitakone Kyai Setu.
“Gawanen aku ing Semarang, Kyai”, wangsulane Dampo
Awang.
“Ya dak gawa lunga Semarang”, celathune Kyai Setu.
Kyai Setu bisa nulungi Dampo Awang saka prajurit
Cina lan Dampo Awang digawa lunga Semarang kanggone ben aman. Dampo Awang netep
lan manggon ing pulo Jawa amerga duwe kekarepan kang wigati lan uga ngewenehi
pitulungan karo masarakat ing Jawa. Banjur Dampo Awang diwenehi tugas yaiku nyampekake
amanat utawa pesen kanggo anak putune lan pitutur kang duwe kekarepan bisa
ngrubah tumindake ing dalan kang bener kaya mangkene “sing gelem melu aku mrenea,
sing ora gelem ya ora apa-apa”.
“Kita kabeh ora sarujuk karo kowe, Dampo Awang!”,
celathune salah siji masarakat.
“Ngapa?”, pitakone Dampo Awang.
“Cara iki kang bisa dadi cepet sugih, tinimbang melu
kowe kene bisa urip susah!”, wangsulane salah sijine masarakat.
“Kowe padha durung sadar yen rejeki, urip, mati lan
jodho wis ana sing ngatur yaiku Allah SWT”, celathune Dampo Awang.
“Sapa iku? Iku Tuhanmu, Tuhanku ing klentheng
kene!”, celathune salah siji masarakat.
Mula klentheng ing Welahan kuwi kanggo ngluru
pesugihan lan ora bersyukur marang Gusti Allah SWT. Nanging kadadeyan kuwi ora
suwe amerga wong Cina lan masarakat kana kang manggon ing klentheng wis ora
ngluru pesugihan.
“Aku nyuwun ngapura Dampo Awang”, celathune salah
siji masarakat.
“Wis, ngapuramu daktampa nanging kowe kabeh kudu
dedonga karo Allah SWT”, Dampo Awang ngandhani.
“Ya, kene bakal dadi manungsa kang bener lan ora
musyrik”, celathune salah siji masarakat.
“Buktekake saiki nanging aja karo aku sejatine karo
Allah SWT”, celathune Dampo Awang.
“Nggih Dampo Awang”, celathune salah siji masarakat.
Padha sadar omongane Dampo Awang sing kudu ngrubah
tumindak dadi kang luwih becik, banjur tugase Dampo Awang bisa kalaksanan
kanthi lancar.
Ing Gunung Batu Semarang Dampo Awang kerep diceluki
Sam Poo Kong nganti salawase. Krana kedadeyan kaya mangkono, Gunung Batu saiki
aran Sam Poo Kong. Jaman biyen ing Semarang akeh masarakat Cina lan klentheng
kuwi wis atusan taun. Mula saiki akeh wong Cina padha manggon ing kana,
masarakat sing cedhake klenteng padha ziarah lan padha maos serat yasin. Ing
klentheng welahan uga ana perang kang disebut perang kangkam pamor kencana
merga klentheng welahan arep diobong nganggo sedrigen padha karo rongpuluh
liter lenga gas, nanging ora mempan malah klenthenge wutuh ora ana bekas
diobong. Mergane diobong amerga ana sebageyan masarakat kang ora seneng karo wong
kang tumindake ning klentheng sakarepe dhewe lan saiki ing pasar Welahan
cedhake klentheng ana toko jenenge toko pamor sing duweni wong Cina.
Ing njero pasar Welahan ana wit ingas gedhe uga ana
asal-usule, ana kayu kang semlanggrah lan ana sawijining kyai sing jenenge Kyai
Pesanggrahan. Kyai Pesanggrahan kuwi dadekake pasar Welahan dadi pasar kang
saya gedhe lan duwe bojo kang nganggrahe ing pasar Guwo. Amerga jasane Kyai
Pesanggrahan pasar Welahan dibangun karo pamarentah lan dadi nganti saiki.
Nanging ana dhewe carita manawa wit ingas kuwi asale
saka prau kang ditumpaki karo Dampo Awang lan welahe manggon ing sumure Nyah
Pasu. Jaman saiki para masarakat precaya menawa wit ingas kuwi saka praune
Dampo Awang lan saiki ditutupi karo tembok gedhe. Miturute masarakat, yen lewat
saka tembok gedhe kuwi ngrasa singup lan diprecaya ing kana makame Kyai
Pesanggrahan. Jaman semana, manawa ana wong duwe anak sing lagi lara dijaki
lunga pasar Welahan kanggone ziarah gawa kembang ing makame Kyai Pesanggrahan
sawise kuwi awake dadi adhem lan waras.
Kacarita ana sepuh-sepuh ing jaman pemberontakan
dipunrintis nganti jaman Mataram para demang padha keplayu ing Welahan. Demang
bisa diarani lurah utawa sesepuh, banjur ing Welahan dadekake ana demang limang
kiblat karo pundene. Kaping pisan, ana ing sisih lor kuwi jenenge Mbah Buyut
Sukun, kaping loro ana ing pojok lor sisih wetan jenenge Mbah Kamandaka, kaping
telu ana ing pojok kidul sisih wetan jenenge Mbah Jenggot, kaping papat ana ing
pojok kidul sisih sisih kulon jenenge Mbah Surgi, lan pungkasan kaping lima ana
ing tengah jenenge Mbah Ngarang. Mbah Ngarang menika sareane wonten ing dusun
Brondongan. Menika para Demang ing jaman biyen kanggone bisa ngrubah para mudha
mudhi saiki kang akeh polah tingkahe sing ala mula kudu dadi sing becik,
nanging ing jaman Mataram para Demang mau agamane islam dadi biyen iku uga
nyebarake agama islam ing Welahan. Lan sareane para Demang saiki jenenge
Punden, Punden iku kanggo petilasan utawa kanggo nyekar lan akeh kang padha
ziarah ing kana padha dedonga.
Jaman biyen, pasar Welahan kuwi pasar kang cilik lan
durung ana sing ngopeni. Banjur Mbah Surgi kang ngrintis pasar Welahan.
Kacarita, yen jaman semana saben wayah esuk Mbah Surgi mangkat menyang pasar
Welahan, wektu wayah dhuhur Mbah Surgi mulih nanging ora gawa dhuwit nanging
gawa gethuk, thiwul, lan jagung amerga sing padha adol ing pasar Welahan
ngewenehi lan ngajeni Mbah Surgi.
“Piye kabare, bakulane payu akeh ora?”, pitakone
Mbah Surgi.
“Nggih lumayan Mbah”, wangsule bakul pasar.
“Kowe adol apa Yu?”, pitakone Mbah Surgi.
“Namung panganan niki Mbah gethuk, thiwul, lan
liya-liyane”, wangsule bakul pasar.
“O, muga-muga payu akeh ya Yu!”, celathune Mbah
Surgi.
“Nggih maturnuwun Mbah, niki kula paring sakedhik
Mbah”, karo ngewenehake marang Mbah Surgi.
“Walah, dadi ngrepotke Yu”, celathune Mbah Surgi.
“Boten napa-napa Mbah”, celathune bakul pasar.
Sawise paristiwa Dampo Awang, wektu jaman kamardikan
akeh markas pejuang ing desa Brondhongan isih melu kecamatan Welahan. Perang
kamardikan kang kaping kalih taun 1948 ana organisasi islam yaiku GPII (Gerakan
Pemuda Islam Indonesia) dadi tentara khosbul waton amerga biyen tau dibrondong
karo walandha banjur dijenengi dusun Brondhongan. Khosbul waton mau kanggone
padha mbela lan masarakat Welahan padha dadi tentara GPII kang ngusir walandha
saka Welahan. Caritane para masarakat Brondhongan padha ngungsi ing desa
Gidangelo amerga ana perang karo walandha. Ana salah sawijining masarakat kang
ora mbela walandha sebab sadurunge wis diwenehi dhuwit lan pepenginan.
“Menapa kowe mbela walandha?”, pitakone tentara
GPII.
“Aku wis diwenehi dhuwit lan kaluwargaku bakal aman
wis dijamin karo walandha”, wangsulane wong mbela walandha.
“Apa kowe ora preduli karo nagaramu dhewe?”,
pitakone tentara GPII.
“Preduli ngapa, saiki apa dhewe diwenehi dhuwit
manawa melu perang, ora kan!”, wong kang mbela walandha ngeyel.
“Pancen ora
dibayar nanging apa kowe ora duwe rasa welas marang nagaramu dhewe kanggone ben
aman lan padha slamet kabeh, uripe yo bakal makmur”, tentara GPII ngandhani.
Ana ing Kali Serang biyen dadi pelabuhan, mula saka
sodagar lan ulama Arab melbu Pulo Jawa ing pelabuhan sing cedhak karo klenteng
jenenge Bandaran lan saiki dijenengi desa Bandaran. Nanging dusun Bandaran melu
dhaerah ing kabupaten Demak.
Ing jaman saiki welahe Dampo Awang ing jero sumure
Nyah Pasu bisa weruh ana ing dina-dina keramat kang bisa weruh melah kuwi kaya
wayah rendeng ngene iki nanging durung ana wong sing tau ngonangi utawa weruh
langsung welahe ing jero sumur. Manawa ana wong lara bisa uga ngombe banyu saka
sumur iku bisa kanggo tamba lara mulane ana khasiate. Jamu sing kanggo tamba
ing Nyah Pasu yaiku kayuangin, manisjangan, lempuyang, kunir, lan sapiturute.
Sumur iki uga bisa diarani keramat merga banyune kang bening bisa kanggo tamba
lara utawa obat lan saben dina diwenehi sajen ana ing cedhak sumure. Miturut
masarakat, sabenere Dampo Awang kuwi Sam Poo Kong. Paristiwa ing dhuwur kuwi
paristiwa kang ana kaitane karo Dampo Awang lan paristiwa sawise Dampo Awang
uga duweni sejarah kang ana kaitane asal-usul Welahan.